Muhibah Budaya, Bali, Kediri lan Banyuwangi

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Rabu, 28 Desember 2022 08:24 WIB)
- Laporan



Akeh cara hang dilakoni masarakat seni utamane, kanggo nguwataken seduluran tanpa pilisih masalah agama, suku lan tanah kelairan. Kabeh kepingin tetep dadi siji padha welas lan asih kanggo bangsa lan negara Indonesia. Gedigu iku hang dikarepaken warga lan pemerintah liwat acara Muhibah Budaya hang dianakaken dina Minggu (25/12) ring Klungkung lan sedurunge dina Jemuwah (9/12) ring Panggung Seni Taman Belambangan.         

Muhibah Budaya arupa sanja-sanja kesenian ring dhaerah liya dikarepaken kanggo ngeronce keraketane warga Indonesia kang macem-macem kelir budayane. Kelebu uga ring masalah keseniane. Gedigu hang disampekaken Kepala Bidang Promosi Disbudpar Banyuwangi, Ainurrofiq,  nalika nyampekaken pidhatone makili Pemerintah Kab. Banyuwangi ring acara Muhibah Budaya kang manggon ring Kab.Klungkung Bali. Acara iku ditekani Bupati Klungkung, I Nyoman Suwarta dikawal ambi kabeh pegawe utamane teka Disbudpar Kab.Klungkung, Raja Klungkung I Dewa Agung Smarapura lan para punggawane, Pengurus Ikawangi Dewata Propinsi Bali, kabeh pengurus Ikawangi kabeh kabupaten hang ana ring Bali lan 500 an anggota Ikawangi Kab. Klungkung tublek ring acara iku.

“Isun ngewakili keluwarga Banyuwangi hang ana ring Banyuwangi, pesen ring keluwarga Banyuwangi hang ana ring endi bain, utamane ring Kab.Klungkung. Ring endi bain Isun lan Rika urip lan golet penguripan, ring kono lemah diideg lan langit disuwun. Masiya urip adoh teka tanah kelairan, aja lali ring sekabehane kang diduweni tanah kelairane. Uga kudu ngurmati lan patheng serawung ambi warga panggonane megawe. Husus kanggo Bapak  Bupati Klungkung, Isun titip-titip warga Banyuwangi hang numpang urip ring kene. Kadhung kabupaten duwe gawe, aja sungkan-sungkan ngelibataken dulur-dulur Ikawangi supaya gelem milu cawe-cawe,” abane Ainurrofiq.

Bupati Klungkung, I Nyoman Suwarta langsung nanggapi, kadhung Pemerintah Klungkung mula duwe perhatian husus ning keluwarga Banyuwangi. Buktine, Bupati uwis nukokaken tabuhan Banyuwangen sak penganggo tariane, hang unibengi dienggo tampilan kesenian.

Ketua Ikawangi Klungkung H. Riyanto mbeneraken paran hang disampekaken Bupati I Nyoman Suwarta iku. “Lan hang ndhemenaken ati, Bupati merentah ning Kepala Dinas Pariwisata Klungkung supaya nyathet kegiyatan hang sekirane bisa nggandheng ambi warga Banyuwangi hang ring Klungkung,” tambah H. Riyanto.

Rombongan kesenian Kabupaten Banyuwangi hang diwakili Sanggar Seni Lang-lang Buana pimpinan Sabar Hariyanto,M.Pd nggawa anggota hang akehe suwidak (60) seniman/seniwati. Kanggo nambani rasa kangene ati, Lang-lang Buana nyuguhaken pitung tarian antarane yaiku Jakripah lan Jaran Goyang. “Isun sampek gadug Klungkung kene iki kanggo mbalesi acara Muhibah Budaya hang digelar ring panggung seni Taman Belambangan Banyuwangi 9/12 kepungkur,” abane Pimpinan Sanggar Lang-lang Buana.

Mula, sedina sedurunge gelaran BEC 2022 tanggal 10/12, ring Taman Belambangan ana Muhibah Budaya hang ditekani rombongan kesenian Bali lan Kab. Kediri Jawa Timur. 

Sembur welas asih kanggo pepadha warga Indonesia iku diramekaken kelawan wujud gelar seni teka Kabupaten Badung Propinsi Bali, Kabupaten Kediri lan Banyuwangi hang dadi tuan rumahe. Bupati Banyuwangi hang diwakili Asisten  Sekda Kabupaten Banyuwangi, H.Dwiyanto nyampekaken pesen kadhung acara Muhibah Budaya iku kudu terus diuri-uri.  "Kanggo mujudaken kadhung Indonesia iku nduweni kelebihan ditimbang dhaerah liya. Pulaune akeh, sukune akeh, bahasane akeh maceme, naming urip rukun kanggo Indonesia", abane Dwiyanto macakaken sambutane Bupati Ipuk Festiyandani.
   Sedurunge acara diangkati, para pejabat teka Badung, Kediri lan Banyuwangi padha gati gentan-gentun ngelungaken lan nerima kenang-kenangan.
   Ning acara Muhibah iku Banyuwangi nyuguhaken tari-tarian teka pelajar SD lan SMP. Dene Kediri lan Badung nyuguhaken Sendratari. Pungkas acara ditutup kelawan potrek bareng lan diiringi gendhing Umbul-Umbul Belambangan.
   PLT Kadisbudpar Kediri, Sulis ngomong: "Banyuwangi mula panggonane seni lan budaya. Seniman lan budayawane sak abreg-abreg nana asate. Isun mau kajon-kajonen mung lare-lare sekolah dasar uwis mahir ulihe njuged lan nabuh gamelan. Sing mung masalah tradhisi. Ngenengi masalah musik modheren ya sing kalah," abane pimpinan rombongan muhibah budaya Kabupaten Kediri iku. Paran hang dideleng dhewek masalah tampilan lare pelajar SD Banyuwangi, iyane kepingin lare-lare Kediri bisa niru lare-lare Banyuwangi. Masalah akademise sing mundur masalah prestasi non akademis lebih maju pisan.

(Kang Ujik)

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Antariksawan Jusuf