Musda Aisyiah, Muhammadiyah Banyuwangi Milih Pemimpin Anyar
Nani Asiany Mustikowati (dipublikasikan pada Rabu, 01 Maret 2023 07:16 WIB)
- Laporan
Gong Musyawarah Daerah (Musda) Aisyiyah Kabupaten Banyuwangi kaping-7 yaiku kepilihe ketua lan sekretaris Pimpinan Daerah kang musawarahe dianakaken nong gedhung SMK Muhammadiyah II Genteng tanggal 25-26 Pebruari 2023. Ketua hang anyar Laili Dwi Damayanti, S.Psi lan Sekretarise Cahyaningsih Wiwin Utami, S.Ag, M.Pd.
Musda Aisyiyah iki pelaksanaane dibarengaken pisan ambi Musda Muhammadiyah kaping-13. Musda Muhammadiyah uga milih ketua lan sekretaris Pimpinan Daerah Muhammadiyah (PDM) Kabupaten Banyuwangi.
Musda Aisyiyah lan Muhammadiyah kang dibuka Bupati Ipuk Fiestiandani iki dihadhiri ambi pimpinan Aisyiyah lan Muhammadiyah wilayah Jawa Timur uga dihadiri Zulfikar anggota DPR RI, anggota DPRD, kang makili Kapolresta, Dandim, Danlanal, Pengadilan Negeri, Kemenag, uga wakil-wakil teka NU, Al Irsyad, LDII, uga media Jtv, Radar, lan tvmu.
Bupati Ipuk ngucapaken selamet bisa dianakaken Musda Muhammadiyah lan Aisyiyah. Iyane ngarep-arep supaya kita melek digital. Tantangan kang ana supaya didadekaken peluwang. Sekolah-sekolah tambah perane utamane ngenengi lingkungan. Banyuwangi kang duwe program kaya Sekolah Asuh Sekolah, Sekolah Ramah Anak supaya didhukung Muhammadiyah, gandheng tangan mbangun Banyuwangi. Ijen Geopark sedheng nuju Unesco Global Geopark kang wilayahe dimekaraken sampek Alaspurwo lan Pulau Merah.
Sakdurunge Bupati mbukak acara Musda, Ketua PDM Banyuwangi, Dr. Mukhlis, M.Si nyampekaken sambutan kadhung amal usaha Muhammadiyah kaya sekolah PAUD, SD/MI, SMP/Tsanawiyah, SMA/SMK, lan Perguruan Tinggi, pondhok pesantren, masjid, rumah sakit, lan panti asuhan wis semebar ring Banyuwangi. Kabeh amal usaha iku kanggo majokaken Banyuwangi kaya tema Musda taun iki yaiku Membumikan Islam Berkemajuan Memajukan Banyuwangi. Nong acara iku pisan PDM Banyuwangi ulih CSR teka BTN kang wujud montor ambulan.
Tampilan musik, pantomim, koor lan parade drumband teka macem-macem sekolah Muhammadiyah ring acara pembukaan Musda dipungkasi ambi sambutane Pimpinan Wilayah Muhammadiyah (PWM) Jawa Timur, Dr. Samsudin. Iyane ngarepaken kadhung Muhammadiyah iku ngelayani ummat. Masjid sing mung dibangun thok taping kudu dimakmuraken. Umpamane: dienggo panggonan kajian-kajian, nyedhiyakaken sega utawa panganan kanggo jamaah jemuwahan utawa Jemuwah Subuh lan dina-dina liyane. Kanggo masarakat kang sing mampu supaya dibantu bandha sekolahe utawa diweni bea siswa.
Marek dibukak Bupati nong acara pembukaan, peserta Musda Aisyiyah nganakaken sidhang pleno, kang isine pimpinan Aisyiyah nyampekaken laporan pertanggungjawaban nalika ngelaksanakaken program-programe Aisyiyah periode 2015-2022. Engkisuke, melebu nong acara inti Musda Aisyiyah yaiku pemilihan Pimpinan Daerah Aisyiyah (PDA) Kabupaten Banyuwangi. Ana 33 calon kang siyap diamanahi dadi pimpinan. Para peserta kang jumlahe 143 anggota iku siyap milih para calon pimpinan, kang calon-calone teka PDA sakdurunge lan teka Pimpinan Cabang Aisyiyah (PCA) sak Kabupaten Banyuwangi, iku wis padha ulih rekomendhasi teka PDM. Ambi panitiya calon-calon kang wis ulih rekomendhasi iku aju ditetepaken dadi calon pimpinan nong Aisyiyah Daerah.
Saiki digital wis ngerambah masarakat. Ring acara Musda Aisyiyah, digital sing ketinggalan. Cara milih pimpinan, wis nganggo e-voting, wis nganggo komputer. Kertas lan pulpen wis sing dienggo maning. Pemilih mung cukup ngeklik, klik maning lan klik maning. Peserta kang duwe hak milih lan dipilih padha mara nyang ruangan komputer aju ngeklik sangang calon pimpinan. Serta kabeh peserta wis nguwekaken suwara, sangang calon kepilih dadi anggota formatur. Ahire formatur milih lan netepaken Laili Dwi Damayanti, S.Psi lan Cahyaningsih Wiwin Utami, S.Ag, M.Pd dadi Ketua lan Sekretaris Pimpinan Daerah Aisyiyah Kabupaten Banyuwangi.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.







