Nampani Ulan Sura ring Hongkong

Tirto Arum (dipublikasikan pada Senin, 22 Agustus 2022 08:57 WIB)
- Laporan



Negara Hongkong hang penduduk aseline wong Cina hang nduwe kepercayaan anane ulan setan yaiku hang dipercaya tepak iku kabeh ruwah dieculaken teka neraka. Dadi ring ulan jerangkong iku ana larangan umpamane hing ulih nganggo kelambi cemeng, muputi picis ring dalan, ngadeg dhewekan nong terminal bis lan larangan liyane. Akeh-akehe wong Cina ngelakoni sembayang ruwah kelawan ngobong dupa, nggawe sajen tahuk mentak, cukulan gadhel, panggangan daging babi, mbakar picis-picisan kertas arupa emas lan perak kanggo nyukupi kebutuhane ruwah hususe ruwah hang sing duwe keluwarga utawa dulur.
   Setemene padha bain ambi ring Indonesia hang nduweni kepercayaan bab ulan Sura. Mangkane kene ring Buruh Migran Indonesia (BMI) utamane pelaku seni ring boroan uga milu umet nampani ulan iku. Tanggal  31-7-2022 utawa tanggal 1 Sura, Paguyuban PKB (Pangestu Krida Budaya) nggelar acara Gerebek Sura lan Minggu tanggal 7-8-2022 Paguyuban Greenfamily uga ana Gerebek Sura lan sekaliyan sukuran milad Greenfamily kaping 15. Iwuh iki dipiloni emeh kabeh pelaku seni.

Masiya dina iku cuwacane rada hing kakaruwan udan panas hang nduduhaken kawitane pancaroba, naming acarane keitung lancar.

Dikawiti gebyakan, marching band teka Willy family, atraksi 15 rampak barong, gandrung Banyuwangi suguhane Paguyuban Sri Tanjung Hongkong , Ndolalak teka Paguyuban Tunggal Sari Budoyo ana pisan Buta, Celeng, Bujang Ganong lan liyane. Kabeh dibungkus kelawan werna abang putih. 
Dene Paguyuban Greenfamily hang saiki duwe lima paguyuban ring ngingsore yaiku Tresno Wiro Budoyo, Sri Tanjung  Banyuwangi, Tunggal Sari Budoyo, Wahyu Tresno Budoyo, Margho Ratu Kinasih. Acarane dikawiti teka jam sewelas bedhug sampek jam enem soren kerasa rumang. Masiya udan sakat meruput taping semangate wong-wong tetep kesat. Malah sampek emeh surup, lapangane dijaga pirangane pulisi polae Hongkong magih ana aturan pageblug, wong kumpul paling akeh wong papat lan kudu nggawe topong. 
Semangate Paguyuban Sri Tanjung Banyuwangi Hongkong lan paguyuban-paguyuban liyane ring nampani ulan Sura merga kebarengan Kemerdekaan Republik Indonesia hang kaping 77.  Perjuwangan para pahlawan hang nemoni pesthine ngelawan penjajah wis marek, taping perjuwangane kudu diterusaken. 
Perayaan Kemerdekaan hing mung rame ring tanah air, taping uga kanggone buruh migran, kelawan nggelar pirangane lomba. Kene mung milu nggawe arume bangsa kelawan nguri-uri kesenian lan budayane. 

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Sumber : Tirto Arum, foto kegiatan

Editor: Hani Z. Noor