Ndongeng, Ngewer Aja Ngawur

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Sabtu, 15 Juli 2023 06:55 WIB)
- Laporan



Sapa weruh Slamet Supriyadi? Ya sak bajeg hang aran iku. Slamet hang endi? Kadhung Slamet Penyet? Yee, hang tukang ngewer teka grup Pelangi? Ya weruh kadhung hang iku. Gedigu kadhung wong-wong ditakoni arane Penyet hang aseli.
   Sore iku tepak acara Revitalisasi Basa Using, hang dianakaken Balai Bahasa Jawa Timur,  Slamet wis kaya bebek nemu banyu. Mergane Penyet minangka salah siji maestro dikongkon ngewani materi Ndongeng.
  Konsepe Ndongeng ana telu: 1. Basa lan isine cerita 2. Sarana hang dienggo 3. Suwara kanggo nyokong cerita.
   Setemene carane wong ndongeng wis biyasah, kelendi carane mbukak (nganggo gendhing; njawab pitakonan; lan nganggo gerak lan ekspresi), kelendi carane ngadeg, kelendi carane ngolah komunikasi lan liyane. Hing ana hang aneh.
   Taping, dhasar tukang ewer, carane Kang Penyet nduduhaken conto-contone nggarahi wong-wong hing bisa nahan gemuyune.
   Tepak ngawiti mbukak, iyane kaya wong pidhato, kabeh wong masang kupinge: "Ibu-ibu yang saya cintai...dan bapak-bapak yang tidak saya cintai..." ambi raine nduduhaken kaya pak camat tepak pidhato, lurus lan seriyus, sakkal sak ruangan ngakak kabeh.
  Mula hing maido kadhung Kang Penyet wis pantes diarani maestro ndongeng.

Ngewer Aja Ngawur

Dene Kang Ali Kenthus hang uga teka grup Pelangi nduwe wekas, "Kadhung ngewer aja ngawur." Maksude ulih ngewer taping tetep nganggo angger-angger (wates) utawa tetep nganggo aturan. "Paran maning ngewer kanggone lare sekolah, aja sampek nabrak aturan sosiyal. Masiya hing ana aturane hang jelas, tapi kaya gedigu iku wis."
   Kang Kenthus, nyebutaken ngewer ana sarate. paran sarat hang kawitan? "Urip. Kadhung sing urip hing bisa ngewer maning."
   Merga tujuwane ngewer iku makene wong liya gemuyu, wong hang ngewer kudu bisa basa Using. Kadhung wong hang komedi tunggal (stand up comedy) iku hing bisa ngewer, polae ngewer kudu basa Using.
    Ana pirangane cara dhasar kanggo ngewer:
1. Mbukak kelawan salam, taping hing ana aturan husus. Teka bukakan iki wis bisa ngarah wigatine penonton.
2. Ndudud Mata Ati. Iki bisa nganggo sarana umpamane basanan. Cara iki penting makene penonton tetep pokus nang tukang ngewere.
3. Golet Gawe. Ring kene iki golet dalan kanggo njumbulaken tema utawa persoalan dienggo nggawe sasak nyang salah siji tema. Bisa padha ambi kedadeyan hang sakbenere, bisa uga walikane.
4. Adol Ewer. Iki terusane persoalan hang disebutaken mau. Marek ngewani tema hang jelas, buru jumbulaken ewere.
5. Sembur Genukan. Nyampekaken paran hang kependhem. Tukang ngewer kudu pinter golet solusi lan ngewani wekas hang apik kanggo mbeneri kahanan. Genukan  iku barang hang kependhem.
   Kang Kenthus padha bain, ya mula dhasare tukang ngewer, tepak njelasaken nggawe guru-guru hang milu pelatihan hing bisa mingkem merga padha munyik terus.
   Kang Penyet hebat ring ndongeng kayadene Kang Kenthus ring Ngewer.
   Muga-muga engko ditemokaken murid Banyuwangi hang bisa ndongeng utawa bisa ngewer kaya Kang Penyet lan Kang Kenthus lan bisa menang ring Festival Tunas Bahasa sak Jawa Timur lan kadhung bisa juwara nasional.

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Hani Z. Noor