Ngadege Kesenian Anyar: Nundrik

ALIF MAULANA (dipublikasikan pada Kamis, 23 Februari 2023 07:18 WIB)
- Laporan



Ring Kampung Seni Senggrongan Desa Mangir Kecamatan Rogojampi ngadeg kesenian anyar arane Nundrik hang dibidhani ambi sanggar seni Blambangan Art School. Ngadege Nundrik iki dudu mung kerana mbedhah kesenian anyar, taping uga ana karep kanggo njaga kesenian gandrung. Gandrung saiki dianggep ngelakoni salah kaprah merga jugedane ana goyang ngebore hang sing mathuk nyang kesenian gandrung aseline. Nundrik iki kesenian anyar hang diciptakaken seniman legendaris hang wis kesuwur nang Banyuwangi uga sering nggawa prestasi sampek ring negara manca. Arane Kang Sunardiyanto hang dikenal tangane bisa nggawe mencoronge kesenian Banyuwangi uga pemikirane hang kreatip bisa nguwahi irama ring tarian sampek nduwe rasa lan nduwe alur hang enak dirungokaken. Iyane uga dadi pimpinan ring Sanggar Seni Blambangan Art School Desa Mangir. 

Nundrik nduwe ciri has dhewek, bida ambi tabuhan liyane. Hang utamane tabuhan teka jajang kayata selenthem, saron, peking lan demung. Selenthem digawe teka jajang petung makene ulih suwara nyaring hang ngingsorane diuweni jajang makene ngungklung ulihe muni. Semono uga saron lan peking hang nggawene padha, mung beda ukuran lan larase. Demung digawe dhuwur direngga barong kanggo simbul budaya hang magih asri lan magih didhemeni kanggo hiburan rakyat Belambangan. Ana pisan alat-alat hang digawe teka sakliyane jajang yaiku kendhang, kethuk, keluncing, kecrek, bahola, gong uga kempul. 

Gendhing-gendhing hang dienggo pajuwane sing luput teka gendhing-gendhing pajuwan Gandrung klasik uga nganggo lagu-lagu dhaerah Banyuwangi hang dirasa pantes lan enak dijugedi. Gendhing mauka digarap apik ambi Kang Sunar minangka komposer uga ditulungi kanca-kanca panjak liyane makene ulih careme nyang gendhing hang digawa.

Ana unike nyang kesenian iki hang salah sijine wayahe pajuwan iku ulih ngebor lan njuged sak karepe, taping uga ana arane Wasit hang njaga sak dawane pajuwan. Wasit mauka dadi penengah ring pajuwan makene sing ana padu lan ngawur wayahe paju. 

"Kadhung ana prit awal kartu Kuning, tandha awale diengetaken kerana majune sampek ngelebihi aturan. Kadhung wis prit Kartu kuning ping telu, hang maju kudu mudhun tandhane wis ngelanggar lan sing naati peraturan paju hang bener," ujare Kang Sunar sak durunge pajuwan mangkat. 

Kesenian Nundrik hang dikawiti dina minggu (19/2) iku dijugedaken ambi Gandrung hang wis kesuwur pisan yaiku Gandrung Mudaiyah. Mbok Mudaiyah iki wis kesuwur suwarane bolak-balik melebu rekaman. Liyane iku uga ana Mbok Devi hang dadi sindhene. Dene Kang Sunar hang dadi pengendhang uga komposere ring iringan Nundrik iku.

Ring kesenian iki uga sing lali rembuk saran uga arahan teka legenda kendhang gandrung yaiku Pak Rajuli hang milu andhil nuntun ring melakune gendhing gandrung lawas kanggo pengiling-iling. 

Mudaiyah sing nganggo penganggo gandrung apuwa? "Bab kelambi Nundrik bener nganggo kelambi tari-tarian kaya biyasahe supaya sing ana watesan ngenengi garapan kreativitas gendhing lan jugedane. Semono uga apuwa sing nganggo kelambi Gandrung aseline sebab iku wis duwene filosofi hang beda artine”. Kadhung nang pajuwan Gandrung terob biyasahe iku kudune dijugetaken ngelayung uga miloni kendhangan hang ana ring tata aturan pajuwan. Mangkane jare Kang Sunar tepak ngawiti meras kesenian Nundrik iku mauka “Dadekena kesenian gandrung iku nduwe aji lan bisa dadi pengiling-iling riwayat bengen, aja sampik kesenian Gandrung ilang pakem jugedane kerana ngawur lan sing paham nyang aturane”. Nundrik iki dadi wadhah hang keneng dienggo jugedan sak karepe makene sing ngerusak nyang kesenian Gandrung lan Gandrung makene tetep nduwe aji lan bisa dadi tuladhane perjuwangan ring jaman bengen.

Ring dina Minggu (19/2) iku, merga pentas kawitan, sing kelalen akeh komunitas hang padha teka lan seniman-seniman hang milu urun tenaga lan pikiran kaya FKSB (Forum Komunikasi Seni Budaya) hang diketuwai Kang Sunar lan kanca-kanca uga maestro tari lan kostum hang wis kesuwur sakat bengen. Kang Subari Sofyan dadi tata rias kanggo Mbok Mudaiyah sampik dadi ayu uga apik disawang. Kegiyatan iki disokong ambi komunitas Orang Muda Ganjar DPC Banyuwangi hang isine Sosialisasi Seni Budaya uga ngenalaken kesenian anyar Nundrik iki. 

Penyokong Nundrik lan anggotane yaiku:

1. Penata Musik: Sunardiyanto teka Mangir

2. Penata Gerak: Mudaiyah teka Kemiren uga Sunardiyanto teka Mangir

3. Penata Kostum: Subari Sofyan teka Kampung Melayu

4. Pendamping: Rajuli pakar Gandrung teka Mangir uga Suparto Hadi pakar musik angklung teka mangir

5. Penari Nundrik:  Mudaiyah teka Kemiren

6. Pemusik  

Kendang : Sunardiyanto teka Mangir

Kethuk: Anipan Embing teka Aliyan

Keluncing, Kecrek: Misbah teka Derwono

Selentem 1: Suparto Hadi teka Mangir

Selentem 2: Dwi Putra teka Sumberwangi

Saron 1: Agung teka Kedaleman

Saron 2: Sinda teka Kemiren

Peking 1: Alif teka Rogojampi

Peking 2: Egi teka Singojuruh

Gong:  Mursit teka Mangir

Demung: Fharel teka Singojuruh

Bahola: Suyono teka Mangir

Sinden: Devi teka Mangir

Penggagas: Sunardiyanto

Produksi FKSB (Forum Komunikasi Seni dan Budaya Banyuwangi), Sanggar Seni Blambangan Art School (BAS) teka Mangir.

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Sumber : Observasi

Editor: Hani Z. Noor