Nganyari Buku Isun Dhemen Basa Using Cetakan Kaping Papat

Hani Z. Noor (dipublikasikan pada Sabtu, 11 Februari 2023 08:54 WIB)
- Laporan



Kawitane buku iki disusun lan diterbitaken ring paguyuban Sengker Kuwung Belambangan (SKB) merga priatin lan gedene wigati para penulis nyang kahanan basa Using tulis. Akeh lalare sekolah hang sing nduweni buku-buku hang nduduhi kelendi carane basa Using baku kudune ditulis sakliyane buku pelajaran sekolah. Ale basa Using iki wis duwe lemek minangka perangkat basa yaiku kamus, tata basa lan pedhoman ejaan - hang disusun ring ruwahe pak Hasan Ali, hang dienggo seperene.

Asile gesah ambi sesepuh kala ruwahe pak Andang CY magih ana, aju diterbitaken buku Isun Dhemen Basa Using iki kelawan pengarepan gok buku iki bisa nggawa mampaat nambahi kaweruh bab basa Using tulis/baku nyang lalare sekolah.

Cetakan kawitan terbit ring ulan Desember 2013. Cetakan kepindho Mei 2015 lan cetakan ketelu Maret 2017. Merga akehe penjalukan teka wali murid kang magih nggolet buku iki dienggo mbantu anake hang ring sekolahe ulih pelajaran basa Using minangka muatan lokal, penulis aju nyetak maning hang kaping papat, ring ulan Januari 2023.

Buku iki isine ana bab wewarah, besiki, ragam ujar kaya wangsalan, basanan, pasemon, ucap roncen, ujar balen, uga ana pisan ucap basa Using lan artine ring basa Indonesia, ucap-ucap iku disusun miloni pirangane kelompok yaiku ucap hang ana hubungane ambi umah, pegaweyan, penganggon, kelir, ukuran/angka, penyakit, tanduran, woh-wohan, kewan lan akeh liyane.

Dadi mula buku Isun Dhemen Basa Using iki dibutuhaken para murid seliyane buku pelajaran teka sekolah.

Seperene paguyuban Sengker Kuwung Belambangan wis nerbitaken buku sing kurang teka 37 judhul buku lan siji menganan kuartet hang nganggo basa Using, dwi basa Using-Indonesia lan basa Indonesia.

Muga-muga anane buku-buku iki saya nggawa mampaat, bisa mbantu sapa bain - sing mung lalare sekolah - hang kepingin sinau basa Using, bisa nyugihi sastera tulis Using, dudu mung dadi basa tutur/ucap, naming bisa pisan dienggo basa ilmiah, berita lan liya-liyane.

Hang mbutuhaken buku-buku basa Using terbitan SKB bisa tuku nang toko buku Timur Bersaudara Jl. Panglima Sudirman, elore Perliman Banyuwangi. Ring kono uga ana buku-buku hang nganggo basa Using liyane. Kelebu hang anyar yaiku buku cerita bergambar Omprok lan Sampur. Gambar ring buku iki digawe putih cemeng makene lare-lare hang maca bisa ngeliri pisan, lan rencanane arep dianakaken lomba ngeliri pisan.

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Antariksawan Jusuf