Ngawiti BEC 2023, Ethno Wear Digerudug Penonton

YUDHI ANJAR PRAKOSO (dipublikasikan pada Kamis, 06 Juli 2023 08:26 WIB)
- Laporan



Lorong Bambu Gesibu Blambangan Banyuwangi dadi panggonan parade Ethno Wear dino Rebo (05/07). Acara iki kelebu sukses ngundang penonton teka pirangane dhaerah.

Ethno Wear iku acara fashion show, panggonan para peserta nganggo busana hang nduweni nilai estetika dhuwur. Tema hang digawa ring acara iki padha ambi tema BEC yaiku The Magic of Ijen Geopark. 

Pesertane ana pitung lare cilik lan sanga hang wis lancing/perawan. 

Plh. Kepala Dinas Kebudayaan dan Pariwisata Kabupaten Banyuwangi Choliqul Ridho atine bungah ndeleng generasi millenial lan generasi z ring Banyuwangi merga kreatipitase.

"Isun bungah ambi lare-lare iki, kreatipitase wayah nggawe kostum lan peragaane apik. Iki kabeh salah sijine wadhah teka lare-lare hang saben sabtu tampil nang Banyuwangi Creative Space," jare Choliqul Ridho.

Hang dadi pembuka rangkaian BEC 2023, acara Ethno Wear iki sukses nggawe penonton teka pating ambyak-ambyakan. Acara iki uga dadi salah sijine wadhah kanggo kreatipitas desainer.

Rangkaian BEC magih terus ana sampek dina minggu. Ditututi ambi acara muhibah budaya hang digelar tanggal 7 Juli ring Gesibu Blambangan, Konser Awarding ring tanggal 9 Juli nang Gesibu Blambangan, lan pameran karya Geopark hang diangkati sakat tanggal 6 sampek 9 Juli.

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Hani Z. Noor