Ngelirik Pestipal Bathik
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Selasa, 04 Oktober 2022 06:07 WIB)
- Laporan
Iwuh Banyuwangi Batik Festival (BFF) 2022 hang dianaken saben taun diarepaken bisa milu mulukaken 'daya saing' perajin bathik dhaerah.
"Kelawan anane BFF, muga-muga bisa ngunggahaken lan merujukaken kreatifitas hususe nong lare milenial Banyuwangi," jare Bupati Ipuk.
Digelar telung dina sakat 29 September-1 Oktober, iwuh iki manggon ring Gesibu Blambangan. Ring dina pungkasane, penonton ambyak-ambyakan hang teka lan kelawan mongkog padha nganggo kelambi bathik.
Temane "Semebyar Sisik Blambangan" nduduhaken kaendahan, wanen lan daya, BFF taun iki dipiloni puluhan desainer bathik hang wis duwe karya ring nasional lan internasional. BFF dadi genjot kanggone perajin industri kreatip bathik nduduhaken asil kreasi lan karyane.
Bu Ipuk uga ngarepaken iwuh iki bisa dadi cipratan rejeki kanggo Usaha Kecil dan Menengah (UMKM) hususe pengrajin bathik ring Banyuwangi
Bupati ninggalaken wekas, wong-wong kudune mongkog nyang gawenan dalam negeri kelawan tuku asil industri kreatip masarakat Banyuwangi.
"Engko kari kolaborasi ambi dinas makene pengrajin bathik ngugemi dalane nggawe karya lan karyane bisa dinikmati ambi wong akeh."
Sak liyane pameran bathik, iwuh iku uga diramekaken ring tampilan penyanyi Banyuwangi Wandra Restusiyan lan Syahiba Saufa hang bisa nggawe goyang penonton kelawan gendhing-gendhing dhangdhut Jawaan.
Dadi hing mung pameran bathik ring ndhuwur genjot, BFF taun iki uga minangka cara kanggo ngejak masarakat milu partisipasi lan merujukaken semangat wirausaha bathik sampek ring pucuk-pucuke desa.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.







