Ngenes Nasibe Sapi Rambon Banyuwangi
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Selasa, 30 Januari 2024 08:07 WIB)
- Laporan
Saiki masiya Banyuwangi kesuwur minangka dhaerah hang akeh produksi bibit sapi unggulan, akeh-akehe hang disebut sapi unggul iku sapi peranakan sapi manca negara. Kayata limosin, simental, marlboro, utawa brahman hang punuke gedhi.
Ale Banyuwangi duwe jenis sapi dhewek hang kesuwur kelawan aran sapi Rambon Jawa/Using/Banyuwangi. Merga akeh-akehe sapi iki mung dierah daginge, dadi peternak milihe bibit sapi hang gedhi, hang timbangane lebih abot, dadi picise lebih akeh.
Jare Kang Usik, pegiyat adat Using hang milu ngedegaken Komunitas Pelestari Adat dan Tradisi (KOPAT), sapi rambon Banyuwangi nasibe ngenes digiles mesin moderenisasi.
Jare Kang Usik, ciri has sapi leluhur Using yaiku sikile bunder, istilahe gula sekerek. Sikile kaya nganggo kasut putih ngingsore dhengkul. Bokonge nyigar endhog. Buntute nyapu jagad, ngeleser emeh nyang lemah, bunggele gepeng landhung. Wetengane gambange malang/mangklang. Gegere nggigir jalak. Baune papak nggunung wurung, ana punuk tapi hing patiya gedhi. Dhadhane jembar lan gulune walang gepuk, ana gembele. Endhase gedhi. Beconge mbecong babi, utawa papag. Matane mbawang sesigar, kaya bawang disigar loro. Kupinge nggodhong nangka. Sungune pangku aren/pangku donya. Pawakane macan, lebih dhuwur hang ngarep.
Sebutane sapi jaman bengen sampik tumeka jaman saiki tetep yaiku sapi Rambon Jawa.
Setemene jenis sapi bengen ana:
1. Sapi rambon Bali yaiku aran sapi Geligon.
2. Sapi rambon Medura. Ana petang macem:
a - Sapi keling.
b - Sapi kalkul/punuk.
c - Sapi kangean.
d - Sapi menggala/cikaran.
3. Sapi rambon Using/Banyuwangi:
a - Sapi rambon jawa.
b - Sapi rambon manis.
c - Sapi rambon belateran.
Dene sapi jenis kawin silang sebutane sapi manggongan.
Kahanan saya kurange sapi rambon Jawa/Using iki nggarahi ngenese pegiyat adat kaya Kang Usik.
"Dadi Belambangan Banyuwangi kerana budi daya ingon-ingon raja kayane kegiles moderenisasi, sapi lokal kang ana katuranggane wis ilang taping sebagiyan magih ana kang duwe."
Kapanane Kopat jare arep inpentarisasi sapi rambon Banyuwangi naming jare Kang Usik saiki nana ragate.
Embuh kelendi nasibe sapi rambon Using mengarepe.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.







