Ngerandhu Buka ring Masjid Baiturrahman

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Selasa, 19 Maret 2024 07:09 WIB)
- Laporan



Kadhung ring Jawa Barat ana istilah Ngabuburit, ring Banyuwangi ana istilah Golet Bengi. Bengen magih jamane belanggur utawa bom mesjid jamik Baiturrahman hang dadi tetenger uwong puwasa wayahe buka, akeh masarakat hang Golet Bengi ring Tegal Kulon ngarepe pendhapa kabupaten hang saiki dadi Taman Sritanjung. (Kadhung Tegal Wetan saiki Taman Blambangan-red).
   Sak pantha-pantha keluwarga padha nggelar kelasa lan ngedhepi bukane dhewek-dhewek. Hang aran uwong dodol enyen dhirik ring pinggirane Tegal.
   Sakat anane teroris ngebom-ngebom panggonan hang diincer iku, mesjid jamik sing nganggo belanggur kanggo nengeri wong buka puwasa ring ulan Ramadhan.  Kerana sing ulih idin teka kepolisian.    
   Tambah-tambah mesjid jamik munggah setatuse dadi Masjid Agung Baiturrahman. Pungkasane, ngarah amane dimupakati, sirine, kanggo tenger wayahe wong buka puwasa sampek seperene. Nalika tahun 2013an, Masjid Agung Baiturrahman nggawe acara Ngerandhu Buka kanggo gantine uwong Golet Bengi. Acarane dianakaken saben mari sembayang asar sampek kiroah magerib. Isine acara yaiku ceramah agama, nekakaken para ustad. Taun bengen sampek nekakaken KH.Abdul Ghofar teka Rogojampi. Sedurunge nyampekaken isi ceramahe, iyane mbahas masalah istilah Ngerandhu Buka.   
   "Ngerandhu iku padha ambi nganteni. Buka ya...buka, mbatalaken puwasane dina iku. Lha...Ngerandhu Buka iku nganteni tekane wektu buka. Kadhung Golet Bengi iku isine melaku-melaku jak akehan, ambi keluwargane utawa sak rewangan. Ya...keliling thok. Emeh nana paedahe. Malah-malah akeh mudarate. Merga hang aran mata mesthi pencilakan. Hang aran cangkem mesthi celamutan. Aju ring endi puwasane? Mula, pengurus Yayasan Masjid Agung Baiturrahman Banyuwangi nggawe acara Ngerandhu Buka iki, supaya puwasanisun lan rika bisa kejaga teka masalah hang bisa ngilangaken ganjarane puwasa."
   Bendahara Umum Yayasan Masjid Agung Baiturrahman, Hasan, SE nyampekaken kadhung bahan bukane diterima teka sedhekahe para dhermawan. Ana hang langsung wujud bahan, ana uga hang wujud picis. "Alhamdulillah masarakat guyup lan gayap ulihe ngalap barokahe ulan Ramadhan. Sampek seperene durung tau kurang. Alhamdulillah. Muga sing sampek kekurangan bukaan kanggo ngelayani jamaah utamane para musapir hang milu buka ring mesjid kene. Kanggo para dhermawan muga-muga diedohaken teka balak lan belahi, ditambahi rejekine. Kanggo hang durung sedhekah, muga bain kerenteg suwe niyat sedhekah," abane Kang Hasan. Taun iki Ngerandhu Buka nugasaken Habib H.Musthofa Iqbal, S.Ag, Habib M.Uwais, SPd.I, Ustadz Nurhadi lan Ustadz Ulil Albab. Jamaah hang milu ngaji sabendinane sampek nggadug seket uwong. Sedheng hang ngerungokaken ring ngarepe sepeker sing kaitung merga merenca-merenca.

(kang ujik)

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Sumber : Kang Ujik

Editor: Hani Z. Noor