Nggendhong Indhit Njunjung Gandrung Sewu 2022
Eko Budi Setianto (dipublikasikan pada Sabtu, 29 Oktober 2022 06:36 WIB)
- Laporan
Mari ngepos rong taun merga ana pageblug, dina iki Gandrung Sewu ditegaraken maning nung Pantai Marina Boom, Banyuwangi. Akehe 920 penari gandrung ditambah ambi 280-an penari fragmen hang didhapuk njuged bareng nung acara tontonan masal hang wis ping sanga dianakaken ring kutha Banyuwangi iki. Taun iki, Gandrung Sewu nggawe lakon kelawan judhul “Sumunaring Telatah Blambangan”.
Jare penanggung jawab lan koordinator pelatih Gandrung Sewu, Suko Prayitno, tontonan Gandrung Sewu hang dianakaken taun iki mula rada beda ambi taun-tsun sedurunge. Ning gelaran hang kaping sanga iki, sing sithik penari hang nekad bandha dhewek supaya bisa katut lan milu njuged nung acara gedhe hang wis dadi ikon Kutha Banyuwangi iku.
Miturut ceritane Kang Suko, kawitane ambi Dinas Kebudayaan dan Pariwisata, penarine iku mung diwatesi sampek 650 uwong. Alasane merga biyayane hing nyukupi. Kala iku, jare Suko, panitiya hususe bagiyan seleksi penari dadi padha bingung, kelendi carane ngadhepi para calon peserta hang akehe sampek ewonan.
“Pungkasane ya aju ditambah maning dadi 700-an penari. Naming kala dianakaken seleksi, sing sithik para wali penari hang aju ‘nantang’ nang panitia, kelendi kadhung anake dibandhani dhewek-dhewek hang penting bisa katut nung Gandrung Sewu? Serta panitiya rembug ambi pihak Disbudpar, pungkasane disetujoni kelawan cathetan, panitiya sing gelem kadhung sampek diarani ‘ngedol’ posisi penari. Yaiku, ahire ana 220-an penari hang milu iku nganggo bandha dhewek, hang diarani Gandrung Sewu Mandiri,” jare Suko.
Sekretaris Dinas Kebudayaan dan Pariwisata Kabupaten Banyuwangi, Ir. Choliqul Ridho, mbeneraken paran hang wis dijelasaken ambi Suko Prayitno. Naming, jare Choliqul Ridho, pihak Disbudpar ya sing mung mandheg meneng ngadhepi kahanan kaya iku.
“Wis, pokoke kabeh-kabeh padha milu ubed nggolet picis enggo mbandhani Gandrung Sewu iki. Hang penting kelendi carane Gandrung Sewu hang wis mandheg suwene rong tahun iki bisa diangkati maning,” ujare.
Ngenani anane penari Gandrung Sewu Mandiri, jare Choliqul Ridha, pihak Disbudpar wis bisa mbantu ngatasi. “Kadhung masalah nyewa kelambine wis dibantu ambi Disbudpar. Mung kari biaya madhange waktu latihan sampek geladi, iku hang digotong ambi wong tuweke penari dhewek-dhewek. Kadhung ngenani transport, wis dipikul ambi para Camat dhewek-dhewek. Dadi Gandrung Sewu hang saiki iki keneng diarani asile gotong royong jakakehan. Ya arep kelendi maning, yong kahanane ya mula kaya iki. Pemkab Banyuwangi dhewek sak temene ya sing nyedhiyani anggaran kanggone Gandrung Sewu. Dadi ya digotong bareng-bareng jakakehan iki wis. Dadi Pemkab Banyuwangi lan Disbudpar iku sipate mung mbantu, mung nyupport,” ujare.
Miturut itungane panitia, biaya kanggo madhange para penari lan panjak hang akahe 1200-an uwong, bisa sampek Rp 40 juta kanggo Latihan. Durung maning biaya liyane, kaya biaya nginep, lan sak piturute, hang akeh-akehe ditanggung ambi masarakat dhewek.
"Kadine hing salah kadhung Gandrung Sewu iki diarani duwene masarakat. Dudu duwene Pemkab Banyuwangi. Merga masarakat ya milu urunan mbandhani Gandrung Sewu,” jare Choliqul Ridho.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.
Sumber : liputan
Editor: Antariksawan Jusuf






