Nggesahaken Asrama Inggrisan
Nani Asiany Mustikowati (dipublikasikan pada Senin, 25 Desember 2023 10:33 WIB)
- Laporan
Pelinggihan Dinas Kebudayaan isuk iku rame ditekani guru-guru Sejarah Kabupaten Banyuwangi kerana ring panggonan iku ana seminar nggesahaken bab Asrama Inggrisan kang dadi salah sijine Cagar Budaya ring Banyuwangi. Temakaken sing mung guru-guru Sejarah kang hadhir taping para seniman lan budayawan uga padha hadhir ring kono. Seminar kang nekakaken narasumber teka Jakarta J.J. Rizal, sejarawan/founder Komunitas Bambu, Marco Kusumawijaya, peneliti Rujak Centre for Urban Studies/Penulis “Kota-kota di Indonesia: Pengantar untuk Orang Banyak” njuwut tema Menengok Asrama Inggrisan Dari Masa Silam ke Masa Depan katon gayeng masiya Bupati Ipuk Fiestiandani minangka keynote speaker nong acara iku teka kari merga ana acara kang sing keneng ditinggalaken tepak tanggal 17 Desember 2023 iku.
Jare Samsudin Adlawi, ketua panitia seminar, nalika ngenalaken Marco Kusumawijaya, iyane nulis buku Kota-kota di Indonesia kang regane emeh sak juta rupiah iku ana telung jilid lan lebih teka sewu pitung atus latar. Kerana kutha Banyuwangi durung sampek ditulis, bisa bain kadhung iyane nulis kutha Banyuwangi engko ana ring jilid papat utawa lima. Kadine buku kang ditulis, latare tambah dawa embuh sampek pirang latar. Diterusaken penjelasane ambi Samsudin, buku kang ditulis Marco iki, basane enak, lugas, gaul, lan cocog kanggo guru Sejarah Indonesia utawa nom-noman kang kepingin weruh akeh ngenengi kutha-kutha ring Indonesia.
Nurut narasumber Marco, salah sijine wong kang ngedegaken Badan Pelestari Pusaka Indonesia (BPPI) njelasakaen kadhung cagar budaya melebu pusaka dudu warisan. Pusaka kang asli basa Melayu iku duwe arti barang kang diwarisaken utawa diturunaken. Sing keneng diedol tuku, sing ulih dipecah-pecah taping kudu wutuh. Ambi nduduhaken peta Banyuwangi taun 1800an, Marco njelasaken kadhung Banyuwangi iku siji kesatuan alam, kaya anane gunung Raung kang miliaken banyu. Emeh kabeh wates kabupaten kang ning pulo Jawa kadhung ana gununge mesthi gunung iku sing duwene siji kabupaten. Kaya Gunung Raung duwene Banyuwangi lan Jember sedheng Gunung Ijen duwene Banyuwangi lan Bondowoso.
Ring jamane Landa, kutha Banyuwangi kaya dene kutha-kutha liyane dibangun ambi Landa, ning tengah ana alun-alune (saiki arane Taman Blambangan) utawa esplanade, panggonan kanggo tuan-tuan lan nyonya-nyonya melaku-melaku nalika wayah soren. Nong tengah alun-alun ana tanduran kang gedhe lan iyup. Ring sakubengane ana gedhung kesenian kang saiki dadi gedung Juang 45, umah dines Komandan Kodim 0825, lan umah dines Kapolres Banyuwangi, uga SDN Tegal Loji lan SDN Alun-alun kang saiki diarani SDN Kepatihan.
Taun 1870an, Inggrisan, bangunan kang ana nong ngarepe alun-alun lan dibangun jaman Inggris pimpinan Raffles disambungaken kabel telegrap nyang Australia liwat laut (dipendhem ngisor laut), kang ndadekaken Inggrisan dadi kantor telegrap lan penginapan (lodge, diwaca loji). Mangkane alun-alun kang saiki diarani Taman Blambangan iku bengen diarani Tegal Loji. Tegal artine lapangan kang wera. Ahire kabel laut kang ditarik kapal mulai teka Port Darwin nyang Banyuwangi bisa kepasang ring Selat Bali lan nyambung ring kantor stasiun telegrap Banyuwangi, ya Inggrisan iki.
Saiki bangunan Ingrisan wis rusak seru. Taping ana bangunan kang ring bagiyan tengah magih keneng dipanggoni ambi anggota TNI Kodim 0825. Kerana iku kaya kang diterangaken ambi Bupati Ipuk, Asrama Inggrisan ring taun 2024 arep direvitalisasi.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.







