Nggesahaken Gandrung Sewu lan BEC 2023

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Selasa, 14 Februari 2023 08:12 WIB)
- Laporan



Rong acara pestival gedhi Banyuwangi yaiku Gandrung Sewu lan Banyuwangi Ethno Carnival melebu ring agenda wisata nasional Karisma Event Nusantara 2023. Wis katon gok rong acara iku diitung-itung merga bisa ngoyak ewonan uwong, sing mung masarakat Banyuwangi.
   "Kadhung ngarepaken kegiyatan-kegiyatan iku akeh uwong njaba Banyuwangi padha teka nginep ring hotel-hotel. Hang sing uman hotel, bisa nginep ring home stay. Ana uga, hang duwe dulur Banyuwangi ya nginep ring umahe dulure dhewek-dhewek. Mulane, kelas sajiane tahun 2023 iki kudu lebih apik dibandhingaken ambi hang uwis kelakon ring taun-taun sedurunge. Mula, perlune Disbudpar ngundang kabeh unsur, supaya bisa nguwani usulan, kelendi supaya Gandrung Sewu lan BEC iki ana hang beda," abane Kadisbudpar Banyuwangi M.Y. Bramuda, S.Sos, MBA,MM nalika mbukak rembug ambi Dewan Kesenian Belambangan, para pimpinan sanggar seni tari, paguyuban alumnus Unesa, STKW, ISI Jogyakarta, perwakilan akademisi teka Poliwangi, Uniba, Untag 45, UBI lan Unibraw, dina Rebo kepungkur (8/2) ring Pelinggihan Prabu Tawangalun. 
   "Iki sipate mung ngelumpukaken usulan. Lan pihak Disbudpar sing perlu njawab. Taping kudu nampung sekabehane usulan. Lah emben-emben, ulihe usulan iki dienggo dhasar ngerumusaken tema lan narasine uga teknis-teknis sajiane," jare Ketua DKB, Hasan Basri. 
Usulan-usulan hang disampekaken sakliyane ngenengi masalah teknis, perwakilan hang teka Musyawarah Guru Mata Pelajaran (MGMP) SMP lan SMA nyampekaken uneg-uneg gok guru pembina kesenian ring saben-saben sekolah kaya-kaya sing direken ambi panitiya. "Kadhung bisa tahun 2023 iki MGMP kesenian diweni undangan lah. Merga murid-muride akeh hang milu dadi peserta. Embuh iku ring Gandrung sewu utawa ring BEC, " abane Ketua MGMP Kesenian SMP, Kang Ipul. 


(kang ujik.)

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Hani Z. Noor