Nguber Syawal Teka Bogor, Bandung sampek Amerika

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Senin, 06 Juni 2022 09:08 WIB)
- Laporan



Kayadene anjrahe wong Islam Indonesia hususe, saben ulan Syawal wong-wong nguber kanggo nggelar perayaan halal bihalal. Semono uga wong diaspora Banyuwangi hang ana ring tanah boroan teka Bogor, Bandung sampek Amerika milu guyub kumpul sak kancaan.
   Ring Bogor, Ikatan Keluarga Banyuwangi (Ikawangi Korwil Bogor) nggelar HBH tanggal 4 Juni sore ring Cafe Kita, Gunung Putri, Bogor. Iki minangka iwuh HBH kawitan hang dianakaken Korwil Bogor hang diketuwani kang M. Kurun hang teka Padang Singojuruh lan wakile kang Pujiharto hang teka Cantuk Singojuruh pisan.
   Ketua Umum Ikawangi Pusat kang Bambang Sugiyono milu teka bareng ambi wong-wong Ikawangi teka korwil liyane kayata Depok, Jakarta Timur, Jakarta Pusat, Jakarta Selatan, Bekasi, Tangerang Selatan lan Tangerang Raya. 
   Sak liyane tausiyah hang diwani teka Ustad Yazid aseli Cantuk, Singojuruh, uga ana sambutan teka kang Bambang.
"Ikawangi kudu guyub kaya ring halal bihalal korwil Bogor iki. Merga Ikawangi saya gedhi lan paran maning Ikawangi wis katon dadi pemersatu masarakat Banyuwangi," jare kang Bambang hang tau dadi walikota Jakarta Utara iki.
   Ikawangi Pusat dhewek hang dadi payunge pirangane korwil lan Pokmas durung bisa nganakaken HBH merga magih kealingan pageblug hang durung satus persen uncal.
"Ikawangi Pusat saiki iki magih nyusun perubahan AD/ART kanggo ngadhepi merujuke organisasi hang saya gedhi," jare kang Bambang.
   Hing kerasa kabeh milu njuget lan nyumbang suwara nggandhangaken gendhing-gendhing hang populer saiki kayata Kelangan, Kanggo Rika lan Edan Turun.

Engkisuke, ring panggonan kelenceran duwene menteri Pariwisata dhongkol kang Arif Yahya, Puri Bambu, Ikawangi Bandung ya nggelar iwuh HBH pisan.
   "Iwuh iki minangka HBH hang kawitan sakat ana pageblug," jare ketua panitiane kang Sudarman. Ana kira-kira wong 150an hang teka ring kono.
   Kang Arif Yahya njaluk wong-wong Ikawangi bisa saya guyub lan ndadekaken Puri Bambu iki minangka umahe Ikawangi Bandung. Mula saben rong minggu sepisan, tim kesenian Ikawangi Bandung nggelar latihan ana ring kono. Dadi tepak ana iwuh gedigi mesthi ana tampilan kesenian tari, Kuntulan tah Barong duwene dhewek.
   Jare Ketua Ikawangi Bandung kang Bari, sak suwine pageblug, masiya hing bisa nggelar acara, Ikawangi Bandung tetep megiyet kelawan ngelungaken bantuwan kanggo biaya kesehatan anggotane, biaya metek wong mati lan ngewani sembako. "Malah saiki wis duwe tanah wakap kanggo pesarean," jare kang Bari.

    Kaya hing gelem ketinggalan, Ikawangi Amerika milu ngumpul pisan kanggo HBH, temu kangen lan kirim donga ring umahe mbok Sumarti ring wilayah kutha Rockville negara bagiyan Maryland.
   Hang milu teka ana Sulih Budi Santoso (Siliragung), Nurhayati Hasyim (Srono), Imam Baihaki (Genteng), Alfiah (Kesilir) lan tuan rumahe Sumarti (Siliragung).
   Merga teka Banyuwangi hing ketinggalan suguhane ana endhog cit, urab lan sega kuning, jare kang Sulih hang ulan Maret ika mulih Banyuwangi lan milu rombongan ring acara sepidhahan Ikawangi Cycling Nusantara.

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Antariksawan Jusuf