Nguri-uri Tradhisi Seni Bela Diri Pencak Sumping

YUDHI ANJAR PRAKOSO (dipublikasikan pada Sabtu, 01 Juli 2023 09:12 WIB)
- Laporan



Banyuwangi mula panggonane tradhisi adat lan budaya. Kabupaten ring paling pucuk wetan Pulo Jawa iki uga magih akeh hang nguri-uri Pencak Sumping.

Tradhisi iki dilestarekaken teka pirang generasi. Saben taun tepak Idul Adha, masarakat Dusun Mondoluko, Desa Tamansuruh, Kecamatan Glagah nampilaken atraksi Pencak Sumping.

Atraksi Pencak Sumping digelar ambi iringan musik tradhisional kelawan irama hang rancak. Tampilan Pencak Sumping iki dipiloni pendhekar sakat lare cilik sampek wong dhewasa. Nampilaken jurus pencak silat, tangan kosong lan nganggo gaman.

Tradhisi Pencak Sumping hing luput ambi cerita asal muasal Dusun Mondoluko kala semana. Jaman penjajahan Welanda, Buyut Ido kelaran (luka) sampek sing kakaruwan (modhol-modhol), pungkasane iki hang dadi dhasar aran dhusun Mondoluko.

Salah siji pelestari Pencak Sumping, Rahayis, nyeritakaken gok aaran Pencak Sumping dijuwut teka suguhan hang dicepakaken tepak ngiringi pendhekar latihan.

"Sumping iku jajanan tradhisional hang isine gedhang dikemuli adonan gelepung hang dikukus. Ring dhaerah liya diarani jajan nagasari." Jare Rahayis.

Sumping dadi suguhane dhayoh hang teka ring acara iku. Bangete atraksi tandhing rong pendhekar silat, sumping minangka didadekaken tandha menange.

"Biyasahe pendhekar hang menang nyumpeli cangkeme lawane hang kalah nganggo jajan sumping," imbuhe Rahayis.

Tradhisi Pencak Sumping 2023 iki uga diramekaken teka Paguyuban Kampung Pencak Silat Glagah hang buru bain diedegaken. Tradhisi iki ditekani pirangane organisasi kaya Persaudaraan Setia Hati Terate, Ikatan Keluarga Silat Putra Indonesia  Kera Sakti, Pagar Nusa lan Cempaka Putih.

 

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Antariksawan Jusuf