NU Wis Sambang 178 Desa ring Program Sobo Deso
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Rabu, 25 Januari 2023 06:28 WIB)
- Laporan
Program Sobo Deso Pengurus Cabang NU Kabupaten Banyuwangi wis dilakokaken ring 178 desa. Kanggo edisi saba kelurahan buru dianakaken dina Minggu sore (22/1) 2023, mbarengi wengi kawitan ulan Rejeb manggon ring Balai Kelurahan Pengantigan. Warga Nahdliyyin Kelurahan Pengantigan padha guyub nekani acara iku, ngewakili sekabehane pengurus lan anggota jamiyyah hang ana ring payungi NU, yaiku Muslimat, Patayat, IPPNU, IPNU, ANSOR, Pengurus NU ranting lan badan otonom liyane, uga ditekani Pengurus takmir masjid lan musollah sak Kelurahan Pengantigan.
"Alhamdulillah dene Rika lan Isun magih gandholan ring jamiyyah NU minangka jamiyyah warisane para kiai, ulama hang dadi pewarise para nabi. Insyaallah sanate NU nggadug sampek ring Kanjeng Nabi Muhammad SAW. Mulane aja kuwatir sengsara ring ahirate. Merga mbesuk menusa iki diceluk per rombongan. Lha.... Rika lan isun katut milu rombongane Hadratussyech Mbah Kiai Hasyim Asya'ri," abane Ro'is Suriah NU Kabupaten Banyuwangi KH. Zainulloh Marwan, ambi ngengetaken, pengurus lan anggota NU iku kudu ihlas nguripi jamiyyah. Kudu siap tekor merga kadhung nekani acara ke-NU-an kudu bandha-bandha dhewek.
"Ya....kita ngarepaken redha Alloh. Sing ngarep-arep balesan rejeki teka padha-padha menusane. Rejeki Alloh SWT hang nata. Menusa mung sakdherma ngelakoni," pungkase ucap KH. Zainulloh Marwan.
Ring acara iku kabeh ketua jamiyyah hang sepayung NU nyampekaken laporan kegiyatan rutine. "Kegiatan jamiyyah kudu bisa ngelayani warga hang durung kelayani, nggape warga hang durung kegape. Artine, magih akeh warga hang durung kesenthok program bantuan dana teka pemerintah. Kadhung teka kelayakan, warga akeh hang layak ulih bantuan dana pemerintah. Taping kerana uwis tuwek, pisik sing mungkin bisa ngurus dhewek. Mulane kanca-kanca Ansor, Patayat, IPNU, IPPNU kudu bisa jemput bola mbantu warga hang uwis manula," abane Ketua Takmir Masjid Al Iman Pengantigan, Ustad Isnaini, M.Pd. ngusulaken ning Pengurus PCNU Kabupaten Banyuwangi.
Masiya akeh hang teka ring acara iku, taping kadhung dijir-ijir magih durung ana 10 persen teka akehe Nahdliyyin Kelurahan Pengantigan. Mula asile kumpulan iku kudu disampekaken ning jamiyyah-jamiyyah tahlil, istigosah, musollah-musollah lan masjid-masjid. "Utamane ning lare enom-noman hang magih durung gayap lan guyub melebu dadi anggota Ansor, Banser, Pagar Nusa, IPNU lan IPPNU, " Jare Ketua ranting NU Kel. Pengantigan, Akbar.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.







