Nyaring lan Njaring Penari Gandrung Sewu
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Senin, 29 Mei 2023 09:17 WIB)
- Laporan
Ngadhepi gelar Gandrung Sewu 2023, panitiya wis melibeng kanggo nyaring calon peserta. Dina Minggu (28/5) sore njaring lan nyaring ring latar kantor Camat Glenmore. Hang milu penyaringan akehe ana 100 an lare.
"Kanggo Kecamatan Glenmore lan Kalibaru ulih jatah 40an penari," abane Ketua Paguyuban Pelatih Seni Banyuwangi (Patihsenawangi) hang dadi koordinator penjaringan Gandrung Sewu 2023, Suko Suprayitno.
Penyaringan iki dadi lawang melebune para penari Gandrung kanggo milu ngukir sejarah Gandrung Sewu tahun 2023.
"Hang kepilih kudu milu latihane seteruse sampek gelar Gandrung Sewu ulan September 2023."
Salah siji Peserta hang katut kesaring, Regita, uwis milu kegiyatan Gandrung Sewu Sakat 2019. Siswi SMKN 1 Kalibaru iku mula wis katon kadhung iyane mesthi kepilih. Merga ukuran dhuwur awake, peraenane, padegane lan ngulet ubah awake cocog ambi hang dikarepaken panitiya.
Macem-macem rasa hang ana ring latar Kantor Camat Glenmore. Hang kepilih nangis geruh-geruh sampek peluk-pelukan ambi hang padha-padha kepilih.
Hang sing kepilih sampek semaput gotong-gotongan. Taping tukang saring sing kepincut ambi masalah paran hang kedaden.
"Isun lan kanca-kanca ngelakokaken tugas paran anane bain. Makene ulihe keneng dideleng. Kadhung nuruti rasa ya kabeh bain bisa dilolosaken. Ya kudu tegel lan kudu sing kenal sapa sapa," abane salah siji juru saring, Jajulaidik. Pimpinan Sanggar Seni Tari Sayu Wiwit Aliyan Rogojampi iku negesaken dhung Gandrung Sewu dudu duwene masarakat Banyuwangi thok, wis duwene Indonesia. "Mulane kudu temenanan ulihe nyaring teka ngingsor. Makene sing repot proses mengarepe. Taun iki temane Omprok. Hang dijugeri makna filosofine Omprog Aju kudu diubah dadi pertunjukan. Kadhung penarine sing tanggap ambi tema, yara repot," abane Kang Jul, celukan akrabe Jajulaidik.
Kepala Bidang Kebudayaan Disbudpar Banyuwangi, Dewa Alit Budi S. nyampekaken ning belambangan.com kadhung awake rumangsa heran. Hang kepilih nangis hang sing kepilih ya nangis. "Ana parane Gandrung Sewu iki. Wilayah Kecamatan Kalibaru lan Glenmore hang aliansi etnise Medura, akeh hang bisa njuged Gandrung. Nawi bain, kerana sing duwe seni budhaya has, pungkasane kudu ngerumangsani kadhung awake iku dadi bagiyan teka warga Banyuwangi. Iku hebat. Kudu ditiru ambi wilayah liyane. Isun uga kerungune kadhung dhaerah kidulan hang kelebu etnis Jawa Mataraman uga bisa nggarai juru saring bingung. Kerana akeh hang pinter njuged Gandrung," abane Kang Alit, celukan akrabe Dewa Alit.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.







