Nyuwun Nyiru ring Kantore Guru Banyuwangi

Nani Asiany Mustikowati (dipublikasikan pada Senin, 29 Agustus 2022 09:42 WIB)
- Laporan



Ulan Agustus wis kari pucuke. Taping ning pucuk iku rasane tambah seger, tambah rame, malah tambah berkesan jare nom-noman saiki. Merana-merene emeh saben kampung ngerayakaken ulang taune kemerdhekaan RI kang taun iki tepak kaping 77. Ya, Indonesia wis 77 taun merdheka, bebas teka penjajah. Saiki kari ngisi paran megiyete. Mbangun jiwa lan ragane, mbangun negara lan bangsane. Korwilkersatdik Kecamatan Banyuwangi, kantore guru-guru lan kepala sekolah kecamatan Banyuwangi sing gelem kalah ambi kumpulan utawa kantor-kantor liyane kanggo ngengeti kemerdhekaan iki. Dijuwut dina Jemuah mergane mesisan ambi acara kang wis biyasahe yaiku olahraga. Kadine sakdurunge acara kang husus ngeramekaken 17an dikawiti ambi acara olahraga senam sulung. Musike nganggo lagune Farel murid SDN 2 Kepundungan Srono kang piral merga nyanyi nong istana tanggal 17 Agustus sore. Acara 17an iki wis sing mbedak-mbedakaken endi iku guru, endi iku kepala sekolah, lan endi iku pengawas sekolah uga korwile. Kabeh padha. Bener salah, kalah menang paran jare aturane.

Peserta dibagi nurut gugus. Kerana akeh guguse sak kecamatan ana lima aju ditambah wong-wong korwil kadine peserta ana enem grup. Memengane sing ana kang tunggal utawa dhewekan tapi digawe grup. Saben grup kabehe wong lima. Memengan kadhung digawe grup gedigi, rasane saben gugus wong-wonge tambah akrab, tambah meriyah. Jurine/wasite sing kathik njuwut teka liya, cukup guru-guru olahraga SD kang ana ring kecamatan Banyuwangi.

Memengan kang disulungaken ring acara 17an iku nyuwun nyiru. Nyuwune sing mung nyuwun aju gancang-gancangan melaku. Taping ditambahi antarane nyirune didelehi tembung plastik cilik-cilik kang gedhene sak tembung tenis. Akeh tembunge lima. Sakdurunge nyuwun kudu tapihan sulung. Nana wih, durung paran-paran gupuh nganggo tapih. Serta wis nyuwun, ana bain belaine. Tembung ring nyiru padha cicir. Leren puput-puput sulung. Engko serta kang nomer siji wis gadug nong kancane, aju kanca kang nomer loro ganti nganggo tapih kang dienggo kancane nomer siji mau. Kadhung biyasah nyuwun sih, enak bain. Taping kang sing tau, melakune edheng-edheng kaya kura sedheng penonton abrak-abrak nggupuhi. Kalah menang surak…

Mari nyuwun nyiru memengan kang kaping loro yaiku mindhah sarung. Carane, sarung diselobongaken ambi peserta nomer siji nyang tangan tengene. Tangan kiwane nggandheng tangan tengen peserta kang nomer loro. Engko tangan kiwane peserta nomer loro uga nggandheng tangan tengene peserta nomer telu. Gandheng renteng iku sampek nyang peserta nomer lima. Kadhung aba-aba dimulai, sarung kang wis diselobongaken ana ring tangan tengene peserta nomer siji siyap diselobongaken ring kancane nomer loro. Taping ya gedigu. Tangan kang gandhengan mau sing ulih dicoplok kudu tetep gandhengan. Sarung kudu diselobongaken ning awake sulung, aju diselobongaken ring tangan kiwane, terus nyelobong tangan tengene kanca urute. Sapa kang paling cepet nyelobongaken sarung sampek gadug nyang kancane paling ahir, iku pemenange.

Memengan kang bungkasan yaiku ngelebokaken paku nyang botol. Padha ambi memengan sakdurunge, ngelebokaken paku nyang botol iki dipiloni sak grup wong lima. Paku ditaleni ambi pucuke rumput jepang kang dawane kira- kira rong meteran. Pucuke rumput jepang sijine ditalekaken nong wetenge 5 peserta sedheng paku kudu ana ring mburine. Dadi antar peserta ungkur-ungkuran kadhung ngelebokaken pakune. Nah, grup kang bisa ngelebokaken sulung paku nyang botole iku, berarti grup iku kang menang. Mula kreatip- kreatip memengan saiki. Masiya hadhiyahe mung rupa panganan sewuan kang direnteng dadi kalung, taping sing ngurangi meriyahe mengeti 17an. Merdheka!

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Hani Z. Noor