Omprog dadi tema Gandrung Sewu 2023

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Kamis, 16 Februari 2023 07:49 WIB)
- Laporan



Sepuluh poin inti gagasan hang dijaring Disbudpar lan DKB  ngenengi masalah Gandrung Sewu 2023 nalika rapat Rebo kepungkur antarane ngenengi masalah roh gelaran. Aju digesahaken maning engkisuke ring Pendhapa Wiraguna Disbudpar kelawan undhangan hang kepilih kanggo namtokaken temane.  
   "Alhamdulillah, gesah rembug kelawan adu gagasan, pungkasane ngasilaken tema Omprog (the art to majesty). Embuh kelendi engko wujud konsep pagelarane, paran jare tim perumus hang lebih ngerti," abane Kang Hasan Basri minangka Ketua Dewan Kesenian Blambangan (DKB) hang nalika iku mandhu lakune rembugan.    
   Kepala Dinas Kebudayaan dan Pariwisata Kab. Banyuwangi, M. Y. Bramuda, S. Sos, MBA, MM ngengetaken, manajemen pertunjukan kudu diedum waktune. Ceritane pirang persen, gelaran tarine pirang persen.
   "Isun setuju ambi gagasane Mbah Aekanu kadhung ring tengah gelaran pertunjukan sing perlu diseseli narasi. Cukup diwacakaken sinopsis bain ring ngarep pagelaran. Penonton makene ndeleng kelawan ngembangaken imajinasine dhewek-dhewek. Kadhung temane pancen ditetepaken "Omprog", kelendi kemeromonge kadhung ring saben lawang kori dipasangi omprog gedhi saingga penonton uwis dituntun imajinasine sampek gadug ring panggon pagelarane," jare Kang Bram.
   Ketua Paguyuban Pelatih Seni Banyuwangi (Patihsenawangi), Kang Suko nyampekaken, kadhung usulan-usulan teka kanca-kanca uwis dilakoni kabeh ning gelaran Gandrung Sewu taun-taun kepungkur.
   Usulan teka peserta rembugan hang dikelumpukaken ambi Dinas Kebudayaan dan Pariwisata ngenengi masalah wujud belegere Gandrung Sewu 2023 yaiku: musik pengiring kudu penter nggolet bandhingan-bandhingan musik liyane kanggo nambah apike lan saya enake, supaya saben taune mesthi ana hang beda, lebih apik teka tahun kepungkure. Gandrung hang uwis didadekaken ikon kepariwisataan Kab. Banyuwangi, kudu dimonclokaken, sing sampek kesilep ring jerone cerita. Saingga gandrung sing mung dadi bawang-bawangan hang ditemplek-templekaken. Sak balike, cerita hang digarap kelawan fragmentasi kudu dadi tempelan ring jerone atraksi gandrunge.  
   Tampilane tari gandrung sing kudu garapan anyar. Kadhung hang lawas kaya dene Jejer Jaran Dhawuk, magih bisa ditampilaken.
   “Sak liyane iku, Disbudpar uga uwis nyathet usulan-usulan yaiku gelaran Gandrung Sewu 2023 supaya njunjung tema interaksi sosial lan interpretasi laku spiritual kanggo nggayuh dadi gandrung propesional. Ana uga hang ngusulaken supaya ana senthokan-senthokan kontemporer,” abane Kabid Kebudayaan Dewa Alit hang nalika rembug perumusan usulan iku dadi moderator.

(Kang Ujik)
 

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Hani Z. Noor