Paglak Kecaruk Nyuguhaken Tontonan Hang Beda
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Senin, 06 Maret 2023 07:57 WIB)
- Laporan
Paglak Kecaruk. Pentas musik campuran Banyuwangi lan musik umum digelar ring lapangan Jatian Purwoharjo Sabtu, (4/3). Acara iku ulih dhukungan teka Kementrian Pendidikan Kebudayaan Riset dan Teknologi RI liwat Dana Abadi Indonesiana hang diterima sanggar seni Mlati Rinonce pimpinan Kosih Purwoharjo.
"Isun nggawe judhul Paglak Kecaruk iku kanggo ngelumpukaken kanca-kanca seniman musik hang magih enom-enom lan hang tuwek-tuwek. Perlune supaya lare enom-noman tetep bisa njaga kesenian tradhisional paran bain. Masiya modherenisasi uwis bisa melayu anter, keneng-kenenga melayune mara ning Banyuwangi. Artine masalah hang modheren mung dienggo cukup-cukupan thok. Hang dadi pokok tetep wujud tradhisionale," abane Ketua Panitia, Kosih.
Wakil Bupati Banyuwangi H. Sugirah ngewakili Pemerintah Kab. Banyuwangi nyampekaken rasa kesuwun hang gedhi ning lare-lare enom-noman Banyuwangi. Kerana nalika usum Pageblug (pandemi) rong taun kepungkur magih tetep bisa ngasilaken karya-karyane lan asile keneng ditampilaken kanggo ngisi Banyuwangi Rebound yaiku Merajut Harmoni. "Muga-muga kelawan anane kegiyatan hang kaya gedigi iki bisa nggugah lan megiyetaken masalah ekonomi masarakat hang ana ring sakubenge acara utamane. Lan muga bain njenggirate Banyuwangi bisa uga njenggirataken Jawa Timur lan Indonesia, " jare Wabup Sugirah ning gelar musik unibengi.
Panggung seni Paglak Kecaruk nemokaken telung komposer yaiku Adlin Mustika Alam, Ilham lan Pungky. Ketelon iku jebolan Sekolah Tinggi Karawitan Surabaya.
Sekretaris Dinas Kebudayaan dan Pariwisata Kab. Banyuwangi Ir. Choliqul Ridha, M. Si ngomong kadhung gelar musik iku layak seru kadhung ditata lan diterapaken ring panggung kabupaten.
Panggung hang dipaes paran anane iku katon berai, merga ditata nganggo itung-itungan pagelaran musik tradhisional hang dicampuri musik umum. Angklung tabuhane ditata dadi hiyasan. Penganggone panjak lan hang nembang uga dadi pepaes unibengi iku. "Kadhung ditamat-tamataken Panggung dipara dadi papat. Ana blok Adlin, blok Ilham, blok Pungky lan ring punjer ndhuwur ana blok angklung paglak minangka hang dadi penengahe. Judhul panggung musik unibengi iku monclokaken Paglak Kecaruk. Kadhung diothak-athik nganggo kaidahe Bahasa Using mula kudu perlu dirembugaken maning. Paglak iku maknane pangklang. Taping kadhung digathukaken kanggo panggonane nabuh angklung paglak, maknane dadi pondhok dhuwur. Sedheng "kecaruk" iku artine ketemu. Paglak Kecaruk nduweni maksud, ketemune pondhok hang dhuwur. Utawa duwe arti ketemu pangklang. "Pantese bain nganggo ilmu gathuk mathuk tanpa digurokaken ning ahline. Dimaklumi. Hang nggawe acara uwong Purwoharjo. Untung-untung magih gelem nguri-uri kesenian Banyuwangi. Masiyatah wis wujud gendhing hang dirungokaken uwis nyebal teka notasi tradhisional umume hang pentatonis utawa selendro. Kuping panjak tradhisi kurang bisa nerima. Taping kuping internasional magih bisa maca," abane salah siji dhayoh teka kalangan akademisi Surabaya hang sing gelem arane disebutaken. "Dadi musisi Banyuwangi mula kudu ana hang ngalahi gelem nyebal kanggo ngerambah jagad," imbuhe.
Mula pola suguhan atraksine njuwut teka konsep angklung Caruk. Blok Ilham nyuguhaken sub tema Paglak Wingi, ganti blok Adlin nggawa sub tema Angklung Welas-Asih lan golongane Pungky nyuguhaken sub tema Angklung Donga. Isine ngenengi masalah ajak-ajak supaya lare enom-noman utamane lan kabeh warga umume makene bisa ngerumat hubungan pepadha, ngerumat hubungan menusa ambi alam lan njaga hubungan menusa ambi Pengeran.
Telung komposer Lare Using iku yaiku Ilham, Adlin lan Pungky nerima piyagam penghargaan teka Wakil Bupati Banyuwangi. Masiya ring tengah gelaran musik iku sempat mudhun udan, taping konser terus melaku sampek sekira jam suwelas bengi dipungkasi.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.







