Paguyuban Nduduhaken Welas Ring Tanah Kelairan
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Senin, 18 April 2022 09:38 WIB)
- Laporan
Guyub seduluran ring lemah boroan iku mula fitrahe menungsa lan sunate Rasulullah Muhammad saw.
"Kene iki wong Banyuwangi, hing kabeh nduwe kenangan hang apik. Ana hang enak ana hang sing: diuwel guru, dibuwang ring sir-siran, taping kabeh magih kepingin mulih kampung, yara?" Jare Ustad Sirojul Munir nganggo basa Indonesia tepak acara buka bareng Ikawangi Tangerang Selatan ring sekretariate hang ana ring kawasan Bumi Serpong Damai hang sekaligus umahe Ketua Ikawangi Korwil Tangerang Selatan mbok Titin Iriani.
Jare ustad hang tau sekolah ngaji ring Maroko iki milu paguyuban iku sebagiyan pitrahe menungsa lan sunnatullah. "Ulihe ganjaran silaturahim iki bisa nggenepi amalan-amalan wajib hang dilakoni."
Hadis Rasulullah tepak mbukak kutha Mekah dhawuh nyang kutha Mekah: "Hei
Mekah setemene rika iku panggonan hang seru Hun welasi, kadhung bain rakyatira hing nundhung Isun, Isun hing kira ninggalaken rika."
Hadis hang diriwayataken Tirmizi iku nduduhaken kelendi welase Rasullullah nang tanah kelairane.
Abote welas Rasulullah ring kutha Mekah merga lair nong kono, nerima risalah minangka bagiyan teka pitrah. Nabi Muhammad nganteni semono suwine sampek balik maning naklukaken Mekah, setaun sedurunge sampek umur.
"Mulih kampung (mudik) iku ya nduduhaken welas ring tanah kelairan," jare Ustad Munir. Iyane ngewani tuladha akeh diplomat hang dikirim jamane presiden Sukarno dadi wong buwangan politik taping welase nang Tanah Air hing bisa diendheg. Wong Palestina akeh hang kelairan negara manca taping magih kepingin mulih nong negarane. Merga wong tuweke iku bagiyan teka negara iku. Kerana wong iku digawe teka sari pati lemah lan iku jangget nong ati. Akeh nong kene Kampung Arab, Pecinan alae wis pitung generasi lair nong kene taping gandholane nong panggonan leluhure seru kuwate, ya iku pitrahe menungsa.
"Mung bedane kene hing nggawe kampung Banyuwangi. Taping anane kumpul guyub gedigi nduduhaken kampung cilik ring boroan masiya dudu kampung pisik."
"Arane welas nong tanah kelairan iku primordialis. Naming kadhung dikanalisasi dadine apik."
Tepak Nabi Muhammad hijrah nong Medinah, ring kono iyane mbangun peradaban. Kanggo mbangun peradaban iki suku-suku dipinggiraken, hang aran bani-bani dipinggiraken sulung, hang ana mung rong kelompok yaiku Anshar lan Muhajirin.
Masiya wonge bangsane beda-beda, kabeh lungguh bareng kanggo ndadekaken siji hang aran perbedaan. Menyatukan dudu menyeragamkan perbedaan. "Peradaban iku kumpule wong-wong hang beda taping nduweni tujuwan hang padha. Iku padha bain jaman kerajaan bengen ngumpul dadi siji ring NKRI."
Wong hang wani metu teka tanah kelairane iku artine wong hang wanen nerima perbedaan. Mergane iyane wanen urip ambi wong liya, urip bareng ambi wong teka dhaerah liya.
Tepak Rasulullah mbangun Medinah mung ana Anshar lan Muhajirin. Taping suwi-suwi mung dadi madani hang artine wong Medinah.
"Wicaksanane wong iku dideleng sak endi adohe iyane bisa menikmati perbedaan iku."
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.







