Pak Anas: Mimpin Banyuwangi Iku Abot

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Senin, 19 September 2022 11:52 WIB)
- Laporan




Mimpin Banyuwangi iku abot. Tapi kadhung wis bisa ngatasi, pengalamane iku bisa dienggo ngelakokaken institusi hang lebih gedhi tingkat nasional, gedigu Pak bupati Banyuwangi dhongkol Abdullah Azwar Anas nyeritakaken lakune.
   Buru tanggal 15 Januari kepungkur iyane dikongkon mimpin Lembaga Kebijakan Pengadaan Barang/Jasa Pemerintah (LKPP) hang langsung tanggung jawab nyang peresidhen.
"Lembaga iki mula hing patiya kesuwur taping ngelola picis 1.400 triliun," jare Pak Anas hang buru seminggu kepungkur madeg dadi menteri.
   Pak Anas hang teka bareng rabine hang uga Bupati Banyuwangi Ipuk Fiestiandani, cerita tepak ring acara perayaan 50 taun ngadege Ikawangi Pusat ring resto Ikan Bakar Banyuwangi ring Rawamangun. Bibit perkawit Ikawangi yaiku Pewangi Jaya  ngadeg sakat 16 September 1972.
   Teka ring acara iku pisan Pak Sutarjianto lan Pak Hafandi Noer hang ngerintis anane paguyuban wong Banyuwangi ring Jakarta taun 1972. Ana pisan sesepuh Ikawangi mayjen purn. Rusdi Maksum lan Pak Hanipan hang tau dadi ketua umum Ikawangi sedurunge ketua hang saiki Pak Bambang Sugiyono. Uga teka pisan Pak Arief Yahya menteri Pariwisata dhongkol, Pak Marhen hang saiki dadi Direktur Pemasaran Pariwisata Nusantara. Akeh pisan dhayoh teka Ikawangi sak nusantara kayata Kang Abdul Bahri (Bandung), Kang Suroso (Sumatera Selatan), Kang Taufik ( Cirebon), Kang Firman (Mamuju Sulawesi Barat), Kang Kasiono (Jambi), Kang Eko Wahyudi (Lumajang), Kang Sukijan (Kalimantan Timur).

  Jare Pak Anas, tugas abot iku antarane yaiku ngontrol UMK lan produk dalam negeri makene melebu e-katalog. Seperene produk teka Amerika lan Cina hang nyerbu kene lan produk iku hang dituku nganggo picis APBN lan BUMN. Pak Anas aju nggarap sistem bareng Departemen Keuangan.
"Bengen targete 52.000 produk nasional. Isun diceluk peresidhen dikongkon ngunggahaken sampek sak juta setahun sampek Desember kesuk," jare Pak Anas nganggo basa Indonesia.
   Marek ndeleng potensi, proses bisnis lan pengalaman administrasi, iyane nyanggupi. "Isun dikongkon ngganti kabeh deputi makene bisa ulih targete, sak juta," jare Pak Anas.
   Sampek wolung ulan, hing ana siji-sijiya wong hang diganti. Taping buru wolung ulan targete wis bisa 1.000.075 produk hang melebu ring e-katalog per tanggal 5 September. Pak Anas setemene arep mundur kadhung hing ulih targete. Cumpu iyane ditelepon ring Kementrian Sekretaris
Negara hing ulih menyang njaba kutha sulung.
   Ditanggo arep dilantik presiden merga iyane rungu LKPP arep diunggahaken setingkat kementrian. Malah iyane wis warah nang Pak Arief Yahya.
  Cumpu dalune ditelepon Sekretaris Kabinet Pramono Anung gok iyane arep dilantik dadi menteri Pendayagunaan Aparatur Negara dan Reformasi Birokrasi.
"'Ana wong hang ngomong emane Isun hing dadi wakil gubernur, emane hing dadi kepala Ibukota Negara (hang anyar). Cobaka yara sing dadi menteri," jare Pak Anas.
   Apike tata kelola pemerintahan Banyuwangi ndadekaken kutha iku jujugane pemda liya kanggo sinau. Atusan pemda sak Indonesia hang wis merana.
   "Kapanane Isun nang kantor walikota Bogor. Emeh kabeh pejabate kenal polahe para pejabate wis tau sambang nang Banyuwangi."

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Hani Z. Noor