Pak Rusdi Maksum: Ikawangi Kudu Saya Guyub
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Jumat, 13 Januari 2023 06:28 WIB)
- Laporan
Ucapan setengah guyon ring Ketua Umum Ikawangi Pusat Mayjen (Purn) Rusdi Maksum arep ana silur panggonan (reshuffle) kelaksan. Taping siji tujuwane makene organisasi hang wis umur 50 taun iki bisa saya guyub.
"Hang kepisan kudune saya guyub. Susunan pengurus hang saiki wis nampa usulan teka "arus bawah". Hang nomer loro, kudune Pusat iki duwe kantor dhewek dienggo sekretariat. Masiya magih adoh taping kekarepan iki kudu dikawiti," gedigu jare Pak Rusdi tepak ditakoni paran hang dikarepaken ring Ikawangi Pusat mengarepe.
Ring bungase taun sore, setemene wis diumumaken susunan pengurus anyar sak mareke Pak Rusdi kepilih dadi ketua. Taping minggu sore penguruse kumpul maning sak perlu njejegaken organisasi merga ana hang dirasa kurang pas lan ana anggota pengurus hang mundur.
"Mula organisasi iki tujuwane kesejahteraan naming ana misi liya minangka wong Banyuwangi yaiku milu majoaken Banyuwangi."
Jare Pak Rusdi, sakliyane rong kekarepan iku, rada sara. "Kadhung ditarik nong politik, Isun hing gelem. Ditarik nyang ekonomi, ya bisa tapi sara."
Ikawangi pusat dhasare hing duwe anggota, mung ngurusi anggota Koordinator Wilayah (Korwil) lan Kelompok Masyarakat (Pokmas) lan anggota liya ring njaba hang hing ana hubungan langsung ambi Pusat. "Aju teka endi danane kadhung arep mbangun ekonomi?" takone Pak Rusdi. Kadhung ring dhaerah-dhaerah ana hang melaku kegiyatan ekonomine, iku merga ana tokohe hang kuwat. Dadi milu-milu bain sipate.
"Kadhung ring Pusat, Isun hing ndeleng ana dalan merono. Masiya Isun duwe kekarepan nyawijekaken pengusaha-pengusaha Banyuwangi hang ana ring Jakarta taping dalane magih adoh."
Hang saiki arep digarap kelendi supaya saya guyub merga ring kutha gedhi, rakete uwong hing kaya ring dhaerah. Mujude Ikawangi iku merga ana tokoh hang kuwat lan duwe wektu kanggo organisasi. "Isun dhewek setemene hing duwe wektu naming tepak Munas ketiban sampur, ya kelendi maning."
Tepak Munas limang taunan kanggo nggolet ketua umum anyar, merga ketua sedurune Pak Bambang Sugiyono wis hing gelem maning maju, Ikawangi Pusat hing nemoaken wong hang gelem dadi ketua umume. Sampek salah siji Pembina yaiku Pak Hafandi Noer ngusulaken aran Pak Rusdi dadi ketua umum lan disetujoni kabeh.
Susunan Pengurus Ikawangi Pusat
Periode Tahun 2022-2025
Pelindung: Bupati Banyuwangi
Pembina:
Dr. Ir. Arief Yahya M. Sc
H. Sutardjianto
H. Hafandi Noer
Dr. Dipl-Biol Budi Mranata
Penasihat:
Dr. H. Bambang Sugiyono SE, M.Si
Drs. H. Sugihadi MM
Pengurus:
Ketua Umum: Mayjen (Purn) H. Rusdi Ma'sum
Wakil Ketua I: AKBP (Purn) Titik Setyowati SH
Wakil Ketua II: Ir. Sudibyo Wahyu Widodo
Sekretaris I: Suryanto
Sekretaris II: Moch Dimyati
Bendahara I: Elka Wijaya
Bendahara II: Dhanar Qomari
Seksi-seksi Bidang
1. Bidang Pengembangan Usaha dan Ekonomi
Ketua: Hj Titin Iriani
Anggota: Moh Thohir, Veronica, Heni Prihatin
2. Bidang Hukum dan Keamanan
Ketua: Hadi Supriyono SH, MH
Anggota: Kasim,Anita Cristina SH, Moch. Ficky WR
3. Bidang Sosial, Seni dan Budaya
Ketua: Ir. Agus Hendro Cahyono
Anggota: Agus Ibrahim, Ipoh yudi, Ginong Pratidina
4. Bidang kepemudaan dan Olahraga
Ketua: Sofi Muntahar SE
Anggota: Krisna Wahyu Baskara, Deny Zulkarnaen, Sri Sulehati
5. Bidang Organisasi, Kemasyarakatan, dan Humas
Ketua: Hermanto
Anggota: Suparjo, Vivia Ayomsari, Dwi Rariardhi
6. Bidang Umum
Ketua:Hj Kurniati
Anggota: Hj Indrawati Pramudja, Nurhidayat, Kabul wahyudi.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.







