Pameran Buku lan Ngajeni Sastrawan Banyuwangi

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Jumat, 07 Oktober 2022 07:43 WIB)
- Laporan



Pameran buku (Book Fair) dibukak tanggal 6 Oktober sore ring Kepala Dispendik Kabupaten Banyuwangi, Suratno.
"Book Fair hang  dianakaken sampek 15 Okt. 2022 muga-muga dadi momentum semangate lare-lare pelajar nyenengi masalah dhemen maca buku. Mergane, saiki iki lare-lare dhemen nyekel hape. Paran-paran dipelayokaken ning digital. Kadhung dititen-titeni, konsentrasine lare-lare dipedhot-pedhot ambi iklan. Taping kadhung maca buku sing ana iklan hang sewayah-wayah njumbul. Sing kira," jare Kang Ratno nalika mbukak acara ring Gedung Juang elore Taman Belambangan.
   Panitia pelaksana, Ayung Notonegoro nyampekaken, kadhung tulisan disimpen ning komputer, bisa bain ilang merga CPUne rusak. Kadhung disimpen ning  google drive, liya dina google drive bisa bangkrut. Tulisan mesthi ilang. Taping kadhung tulisan iku dicetak dadi buku Insyaalloh umure bukune lebih dawa dibandhing umur penulise.
"Sak liyane ana acara bedhah buku lokal uga ana Tribute (Ngajeni-red) kanggo Sastrawan Banyuwangi yaiku ruwahe H.Abdul Kadir Armaya,SH lan Hasnan Singodimayan," abane Kang Ayung.
   Samsudin Adlawi minangka moderator Tribute nyampekaken kadhung uwong loro iku tokoh sastra hang wajib ulih penghargaan dadi Bapak Literasi Banyuwangi.
"Isun sepakat ambi paran hang disampekaken Kang Samsudin iku bener. Buku hang tau diterbitaken kelebu jurnal lan buletin Pak Armaya iku wis lebih teka 500 judhul. Isun iki yunior hang bengen dibimbing ambi Kang Fatah lan Kang Ujik. Isun hang nerusaken paran hang dadi kekarepane  Pak Armaya. Selawase kumpul-kumpul uwis ngelahiraken bendhel Lembar Budaya, Majalah Jejak lan buku-buku Pusat Studi Banyuwangi. Kabeh hang mbandhani Pak Armaya," abane Taufik WR  Hidayat, salah siji han dijaluki tulung dadi narasumber ambi Komunitas Pegon Banyuwangi.
   Ketua Dewan Kesenian Blambangan Kang Hasan Basri uga ngamini ambi paran hang disampekaken Kang Samsudin. "Merga uwong loro iku pikirane buku, buku lan buku. Panenan kelapa kanggo nerbitaken Antologi Puisi. Panenan pari kanggo mbandhani cetak majalah. Wah pokoke edan. Mulane lare enom-noman kudune isin. Ajaa ngetokaken bandha kanggo nerbitaken buku, ngetokaken picis kanggo tuku buku bain angel," jare Wakil Kepala SMPN 1 Banyuwangi iku mungkasi ucape.

Book Fair iku sakliyane pameran buku, ana diskusi lan bedhah bukune saben dina. Ana buku kumpulan cerita cendhek basa Using hang nduweni judhul Kembang Galengan, ditulis ring Ridzkiya Karimatus Sholeha lare Uli-Ulian kelawan pembahase penulis cerita cendhek wadon pisan yaiku Nur Holipah. Kembang Galengan arep dibedhah dina Kemis tanggal 13 Oktober. Holip lan Ridzkiya iki karo-karone penulis cerita basa using hang wis nublek napung ulih penghargaan.

(Kang Ujik)

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Sumber : Kang Ujik

Editor: Antariksawan Jusuf