Panen Asil Belajar

Nani Asiany Mustikowati (dipublikasikan pada Rabu, 06 Desember 2023 07:52 WIB)
- Laporan



Manggon nong SMK 17 Agustus 1945 Cluring, para Calon Guru Penggerak (CGP) padha mameraken asil karyane nalika milu kegiyatan Calon Guru Penggerak (CGP) Angkatan 8 Kabupaten Banyuwangi, nong ngarepe perwakilan Dinas utawa Cabang Dinas Pendidikan wilayah Kabupaten Banyuwangi, Pengawas Sekolah Pendidikan TK sampek SMA/SMK lan SLB, Kepala Sekolahe CGP Angkatan 8 Kabupaten Banyuwangi, guru-guru liyane, lan Komunitas Praktisi kaya Ketua Rumah Literasi, Ketua Dewan Pendidikan Kabupaten Banyuwangi, Ketua Blambangan Royal Volunter, lan ketua-ketua komunitas pendhidhikan kang ana ring Banyuwangi.  Ana 109 CGP kang nganakaken Panen Hasil Belajar sakmarine para CGP iku belajar kang suwene sekitar nem ulan. Mula kang dipelajari mung telung modhul taping modhul siji bain wis ana pirang-pirang bagiyan. Gedigu pisan modhul loro lan modhul telu. Kabeh iku kanggo ningkataken kompetensi para CGP kang sedhilut engkas sekira tanggal 8 Desember 2023 kang dinyatakaken lulus, ilang ucap C-ne dadi GP utawa Guru Penggerak. Gedigu ucap-ucap kang disampekaken Dr. Edi Purnomo, M.Pd, Ketua Sub Pokja Produksi Bahan Ajar Balai Besar Guru Penggerak (BBGP) Jatim makili Kepala Dinas Pendidikan Jawa Timur. Sakteruse Bapak Edi Purnomo pesen nyang para CGP kang milu Lokakarya 7 iku supaya nerima nyang saran utawa kang mbecikaken asil karya tulise saksuwene ngelakoni dadi CGP makene tambah apik lan ningkat kompetensine. Sakliyane dipiloni CGP, ring kono ana 22 uwong Pengajar Praktik kang mbimbing para CGP nyinaoni modul-modul iku. Karepane para GP iku bisa nggerakaken pembelajaran kang lebih apik maning sak sithik-sithike nong sekolahane dhewek.

Ring sambutane Suratno, S.Pd, MM, kepala Dinas Pendidikan kabupaten Banyuwangi, guru iku salah sijine standar nasional pendidikan kang paling penting kerana perane guru nong ngarepe murid sing keneng diganteni liyane. Pendidikan dadi apik kerana guru. Masiya kurikulum diganti bolak balik taping gurune tetep pagun sing berubah, ya padha bain. Sakliyane iku murid kudu duwe karakter kaya kang ana ring Profil Pelajar Pancasila. Kerana CGP wis dilatih mangkane kepala sekolahe kudu kerep ngengetaken nyang CGP ngenengi Profil Pelajar Pancasila iki lan ngengetaken paran kang dadi tugase guru penggerak. Guru penggerak kudu duwe inovasi ring pembelajaran. Guru penggerak disiyapaken dadi pemimpin pembelajaran, aju kepala sekolah, masiya tawis iki dudu tujuwan utamane. Pemerintah kepingin program wajib belajar 12 taun kelaksan kelawan apik. Malah ana wacana wajib belajar 13 taun kang dikawiti mulai belajar ring TK. Bungkasan Pak Suratno nutup sambutane ambi mbukak acara Lokakarya 7 Panen Hasil Belajar ring dina Ahad iku tanggal 3 Desember 2023.

Acara lokakarya 7 nampilaken narasumber peserta CGP kang makili mulai teka guru TK sampek guru SMA lan SLB. Ana 6 CGP kang mbagekaken perakteke. Ana kang judhule Libamas singkatan teka Lima Belas Menit Aksi Sampah. Ana pisan kang karya tulise nganggo judhul Rajaku Bercerita. Temakaken singkatan teka Rabu Jawa Aku Bercerita. Ring karya tulis guru TK iki diceritakaken kadhung saben dina Rebo, murid-murid sak sekolahan diajari ngomong cara Jawa. Gara-gara tulisan iki salah siji kepala sekolah kang hadir kepingin ring sekolahane ana program ngomong nganggo basa Using ring saben dina Kemis merga ring dina Kemis murid lan guru padha  nganggo kelambi adat Using.

Bubar lokakarya undangan padha diejak ndeleng pameran asil karyane CGP kabeh kang diarani Panen Hasil Belajar. Ring pameran iku paran bain kang wis diasilaken CGP saksuwene milu pelatiyan dietokaken kabeh. Ana kang rupa buku lan ana kang rupa macem-macem keterampilan.

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Hani Z. Noor