Panganan Suwarga Hang Mudhun ring Banyuwangi
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Sabtu, 15 Juni 2024 06:18 WIB)
- Laporan
Panganan suwarga hang diedhunaken Gusti Alloh nang Banyuwangi iku ana telu yaiku pelasan uling, ketan duren ambi sangar tawon endhas. Sang sapa wonge hing doyan telung panganan iki ilate kapir. Kadhung ilat kapir hing bisa melebu suwarga.
Gedigu jare Kasi Peningkatan Mutu dan Ptk SD, Pak Erpandi S. Pd nirokaken guyonane wong Using tepak noring penutupan Revitalisasi Basa Using ring Aula RS Fatimah. Revitalisasi Bahasa Daerah (RBD) dianakaken ring pirang-pirang propinsi. Ring Jawa Timur buru diangkati taun sore. Banyuwangi bareng ambi petang kabupaten hang ana ring Medura. Taun iki ketambahan rong kabupaten ring wilayah tapal kuda yaiku Bondowoso lan Situbondo.
Tepak penutupan iku, Pak Erpandi ngengetaken guru-guru master, 60 guru SD lan 40 guru SMP, kanggo milu njugeri kearifan lokal hang urip ring masarakat Using.
"Isun girang lan mongkog ndeleng para guru hang milu pelatihan guru master Basa Using iki merga katon secercah harapan."
Seperene Pak Erpandi, minangka wong Using deles rada kuwatir ambi kahanane basa Using.
Sarta ndeleng ubede guru-guru, " Isun optimis gok basa Using iki bakale lestari lan hing musna."
Mula tepak ring pidhato Pembukaan iwuh RBD iku, Kepala Balai Bahasa Jawa Timur ngomong apuwa RBD iki dianakaken, yaiku merga akeh kondhisi basa dhaerah hang saya suda lan hing mohal kadhung musna.
"Hang kene upayakaken iki mung muluraken supaya hing musna," jare Pak Erpandi.
Alangane mula macem-macem. Kadhung ring SD diajaraken ring guru kelas. Dene ring SMP diajaraken minangka muatan lokal. "Lamuna dihubungaken ambi sertipikasi, ya sing diakoni. Naming guru-guru magih gelem ngelakoni. Iki hebat seru."
Alangan liyane akeh wong Using, malah hang ana ring kampung-kampung Using sithik-sithik ninggalaken basane. "Kebiyasahan nyeluk emak bapak saiki dadi mama papa, ayah bunda."
Kadhang ana omongan, "Lik, ayahira mau nong endi? Ika magih ngarit merga wedhuse durung dipakani. Ayahe ngarit."
Conto kaya gedigu wis akeh. kelebu ring keluwargane Pak Erpandi dhewek. Masiya ring keluwarga Using, anake Pak Erpandi akeh ning njaba umah, sakat SMP, SMA nong pondhok, kuliyahe ya adoh. Dadi hing patiya akeh nganggo basa Using.
Iku tantangan kanggo wong Using, kadhung wong teka wilayah kaya Kalibaru, Glenmore paling using paham lan kenal.
Aju Pak Erpandi ngajak guru-guru serawung lebih akeh ambi masarakat makene bisa nyathet kearipan lokal hang ana. Ana masarakat hang muyab hang ceritane bisa dadi materi ngewer kaya soal panganan mau. Utawa ceritane Minakjinggo nunggang becak merga keturon ring sepur, mulihe nang panggonan pentase, nunggang becak, lan liyane.
Durung maning ring musik. Musik tradhisional Banyuwangi hang nganggo nada pentatonis, saiki diseren hang diatonis.
Sakliyane musike, ucap-ucape ya akeh hang nyalah dudu nganggo kaidah basa Using, jare Pak Erpandi.
Emane Diknas wis paham lan sithik akeh milu mbecikaken, umpamane liwat Literasi Using sakat 2021. "Masiya hing ana anggaran taping tetep kelaksan."
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.









