Para Juwara BEC Awards 2022

Nani Asiany Mustikowati (dipublikasikan pada Kamis, 29 Desember 2022 08:30 WIB)
- Laporan



Sapa hang dadi juwara ring Banyuwangi Ethno Carnival (BEC) taun 2022 wis kelaksan 10 Desember 2022 kepungkur?

Pengumuman juwarane dianakaken tanggal 27 Desember ring warung Pakdhe Panjang Jiwo. Tepak gelaran BEC sore, acarane sukses, penontone tublek sing mung nong kursi undhangan lan sekitare kang ana ning start thok taping nong lurung kang diliwati peserta nuju pinis uga uyel-uyelan. Malah serang kepingine ndileng teka parekan, penonton kang ana ring pareke pinis padha mepeti dalan liwate peserta. Benere lurung kang wera iku bisa diliwati peserta kanggo nampilaken kepinterane, ahire mung melaku thok makene bisa liwat. Kang lebih kerasa ngganggu pisan, penontone marani peserta kang liwat aju mepet njaluk  potrek bareng njejeri peserta.

Warung Pakdhe Panjang Jiwo, duwene artis Fitri Carlina,  dadi saksi panggone juwara-juwara BEC taun 2022 kang njuwut tema Tamansarine Nusantara. Soren iku diumumaken juwara BEC kang kejuluk BEC Awards 2022 “The Diversity of Banyuwangi Culture”. Para peserta, pemusik, tim kreatip, lan undhangan liyane padha kumpul nganteni pengumuman teka panitiya. Sakdurunge pengumuman, hadirin disuguhi tontonan musik kang mula apik tampilane.

Acara dikawiti sambutan Hasan Basri ketua Dewan Kesenian Blambangan (DKB) Banyuwangi. Iyane mongkog nyang peserta kang bisa nampilaken kelawan luar biasa. Toraneya BEC ditandangi mung sekitar telung ulan taping tampilane BEC taun iki munggah grade. Angene Hasan Basri muga-muga BEC taun ngarep mbisuk munggah grade maning.

Padha ambi angene Hasan Basri, M.Y. Bramuda, Kepala Dinas Kebudayaan dan Pariwisata, BEC kang melebu event Jawa Timur sakliyane Gandrung Sewu kang wis melebu event nasional supaya dijaga kuwalitase. Super Tim kaya musik, koreo, talent, designer, design grafis, kang megiyet sampek dadi apike suguhan supaya diunggahaken maning. Dadi BEC kang wis apik iki perlu diapikaken maning, ditambahi maning suguhane, upama mari nampilaken para talent, kisuke dianakaken konser musik. Sing lali Bramuda nyampekaken kesuwun nyang super tim utamane para peserta BEC kang wis tampil apik seru.

Ahire gadug acara kang paling dianteni yaiku pengumuman juwara BEC. Kerana tema BEC dibagi maning dadi pitung sub tema, kejuwaraan dibagi pitu pisan, lan saben sub tema ditemtokaken juwara 1 sampek 3. Sub temane ana Using (gandrung, barong, lan seblang), Medura (topeng, saronen, lan kasomber), Jawa (wayang kulit), Mandar (tradhisi Saulak), Cina (barongsai lan liang liong), Arab, lan Bali (Ogoh- ogoh). Dipilih sub tema-sub tema iki kerana ring Banyuwangi suku-suku kang dipilih iku mula wis ana lan urip rukun antara suku siji lan liyane. 

Kanggo Sub tema Using, juwara 1 sampek 3 yaiku: Dandi Putra Anggara, Puji Purwanto, lan Moh. Budi Sugiarto. Sub tema Medura juwara 1 sampek 3 dimenangaken ambi: Zafirah Karenza Marcilihana, Wijiyono, lan Nadin Izzah Millati Putri. Sedheng kanggo sub tema Jawa dimenangaken Yurezia Artadilla minangka juwara 1, disusul Angga Dwi Narta juwara 2. lan Nur Riski Mardiansyah juwara 3. San Cyena Chanda Gayatri Y, David Elmiyanto, lan Muhammad Roudur Royhan minangka juwara 1, 2, lan 3 kanggo sub tema Mandar. Sub tema Cina juwara 1. dimenangaken Shirely Sin’ina Indayani, juwara 2. dimenangaken Muhammad Khoiruddin, lan juwara 3. direbut Maura Yefaneca. Dene sub tema Arab juwara 1 sampek 3 dimenangaken Syahallah Chinta Winoza, Vanesya Silvia Irko Putri, lan Ahmad Novan Fanani. Sedheng sub tema Bali juwara 1. Arifani Cantika Putri, juwara 2. David Yudo Setiawan, lan juwara 3. Rio Dwi Prasetyo.

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Antariksawan Jusuf