Pasar Panganan Pinggir Dalan Sak Suwene Ramadan
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Senin, 04 April 2022 07:14 WIB)
- Laporan
Kanggo nggugah ekonomi rakyat hang kepileng sak suwene ana pageblug, Pemda Banyuwangi ngabraki para camat dikongkon mbukak pasar jajanan lan takjil sak njerone ulan Puwasa taun 1443 Hijriyah iki.
Sak kecamatan malah ana ring pirang panggonan. Kaya ring kutha ana enem panggonan, ring Kabat ana pitung panggonan ring Pakistaji, Pondoknongko, Tambong, Pendarungan, Kalirejo, Labanasem, Macanputih.
"Programe Bupati iki tujuwane nyurung ekonomi rakyat, para camat kabeh dijaluk kanggo nguripaken pasar takjil ring desa-desa," jare Kepala Dinas Kebudayaan dan Pariwisata MY Bramuda nang belambangan.com.
Akeh maceme jajanan hususe kanggo takjil puwasaan wis cemepak ring pirangane panggonan ring desa-desa. Kegiyatan iki malah melebu dadi salah siji 99 event Banyuwangi Festival, yaiku hang diarani Banyuwangi Street Food Festival lan dibukak ambi Bupati Ibu Ipuk Fiestiandani dina Minggu sore. Kelawan jargon “Banyuwangi Rebound” yaiku “tangguh pandemi, pulihkan ekonomi, dan merajut harmoni” Pemda Banyuwangi ngarepaken pasar Ramadan iki bisa nambahi ulihe ekonomi rakyat.
Ring Banyuwangi kutha salah siji panggonane ana ring jalan Brigjen Katamso lan Letjen Sutoyo ring Kelurahan Tukang Kayu hang mbukak sakat jam 16.00.
Hing mung mandheg semono, Pemda uga tetep ndhampingi kelawan ngewani pelatihan manejemen keuangan, pengemasan lan liya-liyane.
Salah siji pasar rakyat hang milu program iku yaiku Pasar Wit-Witan hang ana ring desa Alasmalang, Singojuruh.
Jare kang Susilo hang bengen milu aktip mbabat alas mbukak Pasar Wit-Witan ambi camat jaman semono yaiku Pak Moh. Luthfi, pasare mbukak sakat jam 14.00 sampek dalu. Kadhung dina biyasah sak njabane Ramadan, pasare iki mung mbukak ring dina Minggu sakat isuk. Naming kanggo pasar takjil hang dodolan rada suda, teka biyasahe kira-kira 40-50 lapak, dadi mung 18 lapak. Naming dodolane ya magih padha, umpamane kaya pelasan, jajanan pasar lan geseng menthok hang has Wijenan.
Pasar Wit-Witan hang nduwe maskot Nenek Lampir (fb: Mamet Ndut) iki wis mbukak sakat 2018, naming tau tutup merga pageblug lan mbukak maning ana nawi enem ulanan. Naming kondhisine magih rada sepi hing kaya sedurunge ana pageblug, jare kang Susilo hang tau dadi Kepala Sekolah SD Singojuruh 2 lan Ketua Pembangunan Masjid Sunan Giri hang diresmekaken ring Menteri Pariwisata Arief Yahya jaman semono.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.







