Patoman Kukuh dadi Kampung Pancasila

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Jumat, 28 Oktober 2022 06:57 WIB)
- Laporan



Anane medsos ring donya iki keneng dienggo  jalaran nggampangaken urusan. Uga bisa dadi ruwede masalah. Merga sapa bain bisa dadi wartawan, bisa dadi produser, bisa ngedegaken gendera redaksi, bisa mbukak setudhiyo tipi lan liya-liyane. Lebih cilaka maning, medsos keneng dienggo ngedu, mecah kerukunan lan nggawe keruwedan.
"Sing kathik dicontokaken wih...Saben uwong bisa mbukak hapene dhewek-dhewek. Uwong ngomong sakenak udele. Ngelokaken ika, ngelokaken iki, ndhongkel-dhongkel wadine uwong liya. Sing rumangsa iyane gok menusa iku panggonane salah lan luput. Hang tukang ngelok-elokaken uwong liya iku ndane dudu menusa dhewek. Hang tukang nyalah-nyalahaken uwong liya iku dudu malaikat. Salah benere menusa iku ana ukurane dhewek-dhewek," abane Made Widagdo, salah sijine tokoh masyarakat Kampung Pancasila Desa Patoman hang dina Kemis (27/10) ditekani Letjen TNI Teguh Muji Angkasa, SE, MM teka Mabes TNI Jakarta lan rombongane teka Kodam V  Brawijaya  JawaTimur uga  dikawal ambi anggota TNI AD Kodim 0825 Banyuwangi.
   Sing mung jajaran tentara thok, anggota Polri uga teka. Sekda Banyuwangi (alumnus SMPP/SMADA Banyuwangi 86)   H. Muji  teka pisan bareng   ambi  Forpimda  lan  Forpimka Blimbingsari.  Letjen TNI Teguh Muji Angkasa, SE, MM., ngewani wekas ning kabeh hang teka supaya conto apik kanggo wutuh lan kukuhe negara kesatuan RI iku kudu diuri-uri lan ditular-tularaken.
   "Kampung Pancasila iku minangka gambarane rakyat hang ngarep-arep urip rukun ngewujudaken Bhinneka Tunggal Ika hang ketulis  ring pita, dikethem  kuat ambi manuk garudha," ucape Teguh.
   Desa Patoman hang dienggo Kampung Pancasila iku kelebu desa ring wilayah kecamatan anyar Blimbingsari. Masiya kecamatan anyar, arane cepet dikenal merga dienggo arane lapangan montor muluk utawa kapal terbang Blimbingsari. Kadhung ditamat-tamataken, nawi bain akeh uwong sing percaya kadhung Desa Patoman iku ana ring Banyuwangi. Merga  emeh kabeh bangunan umahe wargane sing bida ambi ring Bali.
   "Mulane bengen dienggo shooting pilem ambi kanca-kanca  Jakarta hang judhule -Anakku  Anjelin - Pantesan," jare Kabid Kebudayaan Disbudpar Banyuwangi, Drs. Dewa  Alit (alumnus SMPN 1  Banyuwangi 1982/83).

(Kang Ujik)

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Antariksawan Jusuf