Pegawe Disbudpar Diwuruki Nggawe Pideo

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Sabtu, 26 November 2022 08:13 WIB)
- Laporan



Kanggo ngunggahaken para agul-agul karyawan/karyawatine, Dinas Kebudayaan dan Pariwisata (Disbudpar) Banyuwangi nganakaken Forum Group Discussion (FGD) Jemuah bengi ring hall Grand Harvest Licin. Narasumbere lare enom Vicky, teka Segobang.
   "Isun yakin kanca-kanca uwis padha ngeweruhi kelendi carane nggawe narasi kanggo nguwataken gambar hang diunggah ning konten medsos. Nggawe paran bain kadhung bisa aja nyeliwah teka 5W + 1H. Semono uga nalikane kudu ngunggah gambar. Gambare ya kudu bisa nguweni cerita. Acara paran iku, sapa bain hang ana ring acara iku, engkapan acara iku dilakoni, ring endi ulihe nganakalen acarane, apuwa acara iku dianakaken lan kelendi laku ceritane acara iku. Lha....anane narasi iku kanggo nguwataken gambar iku mau," abane Vicky, lare desa hang duwe prestasi ngalah-ngalahi lare kutha iku ring urusan pideo utawa pilem.

    Hang diarani 5W+1H iku, istilah basa Inggris arupa pitakonan hang kudu dijawab kanggo nggenepi berita yaiku What (Paran), Where (Nong Endi), Why (Apuwa), When (Kapan kedadeyane), Who (Sapa wonge), How (Kelendi kedadeyane). Kadhung wis bisa njawab enem pitakonan iku, lan bisa diwolak-walik ndeleng endi hang dianggep penting, beritane wis dianggep jangkep. 
   Unibengi iku iyane njelentrehaken masalah photograpy lan cinematography.  Mula, jare Vicky nerusaken ucape, kadhung kepingin ngunggah gambar hang apik, alat hang dienggo nyuting ya kudu apik kualitase. Kudu milu ning karepe pasar.
   "Kadhung  kamera utawa handphone hang dienggo nyuting kualitas ecek-ecek ya eman-eman beritane. Mulane telung unsur sing keneng dipisahaken. Paran iku? Keahlian menusane hang gawe, alat hang dienggo nggawe lan carane ngolah gambar uga narasine," imbuhe.
   "Paran hang disampekaken Kang Vicky iku bener. Ideal. Mulane dianakaken acara FGD khusus masalah konten berita bergambar iki makene kanca-kanca karyawan-karyawati Disbudpar saya temenanan ulihe ngunggahaken kualitas uploud beritane," jare Kadisbudpar Kab.Bwi,  M.Y.Bramuda, S.Sos, MBA,MM.
   Supaya FGD katon ana asile, dina Sabtu (26/11) kabeh peserta diwajibaken setor berita. "Nyuting dhewek, ngedhit dhewek, nggawe narasi dhewek lan kudu diunggah ning grup kerja Disbudpar. Wajib," tegese Sekdin, Ir. Choliqul Ridho, M.Si.
   Acara FGD tahun 2022 iku dilakoni telung dina suwine, dipungkasi dina Ahad.

(kang ujik)

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Hani Z. Noor