Pelatihan Nulis lan Nyunting Basa Using

Hani Z. Noor (dipublikasikan pada Sabtu, 08 Juli 2023 12:48 WIB)
- Laporan



"Bentuk Wawasan Kebangsaan iku salah sijine ya ngeregani karya-karya bangsane dhewek. Dadi karya-karya Rika kabeh iki ya bisa dadi sarana mencintai negara," jare PLT Kepala Dinas Kesbangpol Moch. Lutfi tepak mbukak Pelatihan Menulis Dan Menyunting Bahasa Using kelawan tema Cinta Bahasa Daerah Memupuk Wawasan Kebangsaan.
   Pelatihan hang dianakaken ring kantor Kesbangpol Banyuwangi dina Sabtu (8/7) lan digelar ring Paguyuban Sengker Kuwung Belambangan (SKB).
   "Masiya dianakaken kelawan sedherhana iki biyasahe asile bisa dadi maksimal," jare Pak Lutfi hang gupuh arep mangkat nyang desa Patoman Rogojampi.
   Hang dadi narasumber Menulis Fiksi dan Non-Fiksi yaiku Mas Aji Wirabumi, hang tau nulis Suluh Blambangan, Suluh Blambangan 2 lan hang pungkasan novel biografi (Wong Agung) Wilis.
   "Hang penting tetepa nulis. Nulisa sedurunge ditulis ring buku Yasin," jare Mas Aji ambi rada munyik. "Ilmune, jare gurunisun, ping sewu. Artine, ditulis maning, maning lan maning."
   "Kadhung mung sukur ngomong, manuk menco ya bisa. Tulisen, nawi hing diwaca saiki taping mengarepe bisa bain dadi bagiyan sejarah," jare Mas Aji.
   Ngarti sapa hang dadi pembaca iku ya penting seru. Merga penulis kudu nggolet basa hang pas kanggo wong hang maca.
   Hang ndhaptar milu pelatihan iku ana 23 wong, pirangane peserta milu teka kadohan kaya teka Jakarta, ana uga teka Muncar lan Glagah kelawan rowat (njero kawat aliyas daring)
   Dene hang kanggo topik Nyunting Nganggo Basa Using, yaiku Antariksawan Jusuf hang uga dadi ketuane SKB lan penyunting ring media belambangan.com.
   SKB emeh saben taun nganakaken pelatihan nulis merga saben taun mesthi nganakaken Lomba Nganggit Cerita Cendhek Basa Using lan asile didadekaken kumpulan cerita cendhek hang diwani judhul Kembang Ronce.
  

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Hani Z. Noor