Pemda Dikarepaken Nyokong Anggaran Revitalisasi Basa Using
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Selasa, 11 Juli 2023 09:40 WIB)
- Laporan
Asisten Bupati hang uga makili Kadis Pendidikan, Pak Dwi Yanto, ngomong gok iwuh Revitalisasi Basa Using hang dianakaken Balai Bahasa Jawa Timur (BBJT) perlu sokongan anggaran teka pemerintah daerah kanggo nularaken nyang guru-guru lan muride.
"BBJT kudu ngirim surat nyang Bupati Banyuwangi makene bisa njatah anggarane."
jare Pak Dwi nganggo basa Indonesia.
BBJT tanggal 10-14 Juli iki nggelar proyek Revitalisasi basa Using hang dianakaken ring Universitas Banyuwangi (Uniba). Ana pitung materi hang dibahas: Maca Nulis (Antariksawan), Ndongeng (Slamet Penyet), Nulis Cerita Cendhek (Abdullah Fauzi), Ngewer 'stand up comedy' (Ali Kenthus), Nggandhang (Wiwin Indiarti), Pidhato (Nani Asiany) lan Gurit Using (Eko Budi Setianto).
"Isun milu mongkog ring kegiatan Revitalisasi Basa Using iki merga iki nduduhaken gok pemerintah hadir kanggo nguri-uri basane," tambah Pak Dwi hang ngaku sakat cilike ring Lamongan wis rungu gendhing-gendhing basa Using ring kana.
Pak Dwi ngengetaken gok bisaa materi pelatihane iku hing kakehan teori, merga tujuwane kelendi lare-lare iki bisa dhemen nganggo basane, dudu ngarepaken lalare dadi ahli basa.
"Delengen TKW nang Hongkong, Taiwan merga peraktek bisa basane wong kana," jare Pak Dwi.
Ring acara iki ana rong tujuwan. Nomer siji mbina SDMe, teka maestro nyang guru-guru, aju teka guru nyang sak ubengane. "Kadhung gurune meneng bain, ya mandheg," jare Pak Dwi. Mangkane, guru-guru iki engko kadhung bisa ngelatih 25 wong maning, ping 30 aju wis 750 guru hang milu pelatihan. Sasaran pungkase murid-murid. Artine kudu disokong anggaran hang cukup teka pemerintah daerah.
Hang nomer loro, ngembangaken kompetensine. Kelendi lalare kudu wani maju lan wani ngomong.
Ngembangaken basa bisa teka macem-macem cara, liwat gendhing-gendhing lan cara liya hang nggawe ati seneng. Teknologi uga bisa dadi sarana, liwat HP.
"Sekolah hang ana ring Banyuwangi kudu ajeg milu ubah makene basa iki tetep lestari," jare Pak Dwi.
Dene Kepala BBJT Dr. Umi Kulsum ngomong gok revitalisasi basa minangka program hang diutamakaken ring kantore.
"Ring Jawa Timur kene ana loro yaiku basa Medura ring petang kabupaten lan basa Jawa dialek Using," jare Bu Umi.
Padha ambi ring basa Using, guru-guru sinau aksara dhaerah, cercen, puisi, dongeng, nembang, komedi tunggal, pidhato.
"Engkone murid-murid ulih milih hang endi hang didhemeni. Pokoke sinau kudu nggawe girang. Arep milih hang endi bain ulih taping gurune kudu nguwasani pitung materi iku," jare Bu Umi.
Revitalisasi iki tujuwane kanggo generasi nom-noman makene ndhemeni basane.
Mula musuhe iku rasa hing mongkog ambi basane polahe hing ana gengsine.
Kadhung wis gedigu wedine basane dadi ilang. Wis ana 11 basa hang ilang ring Indonesia, jare Bu Umi. "Aja sampek Using mung kari arane."
Ring iwuh iku ana 30 guru SD lan 30 guru SMP hang milu. Tugase guru-guru iki engko ngerembesaken nyang guru liyane, uga murid-muride.
Ring ulan Nopember arep dianakaken Festival Tunas Bahasa Ibu, hang pemenange arep digawa nyang Surabaya, lan sakteruse nyang tingkat nasional ulan Pebruari tepak Hari Bahasa Ibu Internasional.
Bu Umi uga ngajak guru-guru supaya ngejak murid-muride milu tes Uji Kemahiran Bahasa Indonesia (UKBI). Taun hang sulung Jawa Timur paling akeh hang milu yaiku 42.000. Dadi taun iki paling sithik kudu semono engkas.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.







