Pemilihan Jebeng Thulik 2023

Nani Asiany Mustikowati (dipublikasikan pada Selasa, 05 Desember 2023 06:09 WIB)
- Laporan



Jebeng thulik kang dianakaken saben taun kanggo meriyahaken dina laire utawa dina dadine Banyuwangi, ring taun 2023 wis kepilih. Milihe sing mung kerana nganggo kelambi adat aju melaku ambi gaya gedigu thok taping ana timplik-timplikane. Dhaptare bain kudu nyukupi sarat, antarane: Kudu warga Banyuwangi. Kadhung dudu warga Banyuwangi kudu ngelampiraken surat, gelem manggon ring Banyuwangi kang suwene rong taun mengarep. Umure antara 16-23 taun. Sekolah paling endhep SMA utawa sakderajat. Durung tau nikah. Upama kepilih dadi jebeng utawa thulik, sing ulih nikah setaun lawase. Bebas narkoba, pribadhine apik, jembar ilmune utamane ngenengi budaya (Using), sejarah, lan pariwisata Banyuwangi.

Kang dhaptar ring Pemilihan Jebeng Thulik taun 2023, lan njuwut tema Semebyara Ganda Arume Bumi Blambangan iku sekitar rongatusan. Serta ngeliwati pirang-pirangane tes ahire kepilih 20 jebeng lan thulik kang melebu pinal yaiku 10 jebeng lan 10 thulik. Sakdurunge dipilih maning kanggo melebu grand final (5 jebeng lan 5 thulik) peserta dikarantina sulung kang suwene sepuluh dina sakat tanggal 20 sampek 30 Nopember 2023. Ring kono, 20 jebeng thulik dititeni kelendi sikap (karakter)-e utawa sopan santune, keterampilan paran kang dikuwasai, lan sepira jembar ilmune, kang dibiji liwat wawancara. Sakliyane dibiji, para jebeng thulik uga diweni weruh paran bain kang wis dilakoni pemerintah kabupaten Banyuwangi kaya Banyuwangi festival lan liya-liyane, kelendi sikape minangka generasi z nyang generasi sakdurunge utawa generasi milenial, lan ilmu-ilmu liyane kang mampaate kanggo sangu kadhung wis kepilih dadi jebeng lan thulik ring taun 2023 iki. Ring suwene njero karantina, para pinalis uga  diajari tari Banyuwangian saingga bisa ditampilaken ring bengi grand final engko.

Ring malem Minggu, tanggal 2 Desember 2023 acara bengi grand final jebeng thulik dianakaken. Rong puluh pinalis jebeng thulik wis siyap tampil lan dipilih. Manggon nong gesibu Blambangan, penonton kang rata-rata ndhukung para pinalis padha semangat nggelar banner kang ana gambare pinalis. Hadir ring kono para undangan, Asisten Pemerintahan dan Kesejahteraan Rakyat, lan Wakil Bupati Banyuwangi. Sakdurunge diumumaken sapa bain kang melebu grand final, para pinalis nduduhaken keterampilan saksuwene ring karantina, njuged Banyuwangian kang judhule Tari Ngelawung. Ring kono ditampilaken pisan para jebeng thulik cilik kang diperas makene padha selamet lan muji sukur kadhung wis kepilih jebeng thulik cilik taun 2023. Sakperlu diweruhi, jebeng thulik cilik ana telung kategori. Ana tingkat TK, SD (kelas 1-3 lan 4-6), lan kategori SMP.

Ring sambutane H. Sugirah, wakil bupati Banyuwangi nyampekaken kesuwun nyang panitiya yaiku Perkumpulan Jebeng Thulik Banyuwangi binaan Dinas Kebudayaan dan Pariwisata Banyuwangi sampek bisa nganakaken pemilihan Jebeng Thulik kelawan lancar. Kadhung bisa kang dadi juwara jebeng thulik bisa dadi juwara Raka Raki Jawa Timur kang ahire kabeh jebeng thulik siyap nuju Indonesia Emas taun 2045, Banyuwangi kang subur makmur gemah ripah loh jinawi kaya nong temane Semebyara Ganda Arume Bumi Blambangan.

Sakliyane dipilih dadi jebeng thulik, bengi iku uga ana kang dipilih dadi duta. Ana duta infrastruktur, duta koperasi, duta bahari, duta kesehatan, duta pertanian, duta pariwisata, lan duta pengairan. Ana pisan kang menang paporit. Kepilih kang dadi juwara paporit yaiku Najwan Eka lan Feni Eldiana. Sakteruse kepilih dadi jebeng thulik taun 2023 yaiku Ghaitsaa Farah pelajar SMAN 1 Glagah lan Najwan Eka pelajar SMAN 1 Giri. Sakteruse Wimbi Serli, Amanda Rizka, Shelitri Oktavia, lan Feni Eldiana juwara 2 sampek 5 jebeng, sedheng thulike kang dadi juwara 2 sampek 5 yaiku Kaisario Falah, Ditya Lazuardi, Fatku Rohman, lan Haikal Fiqri.

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Hani Z. Noor