Pengajaran Basa Using Mberejag Maning

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Kamis, 30 Juni 2022 11:04 WIB)
- Laporan



Ana kabar nyenengaken bab Pengajaran Basa Using ring SMP. Rungu-rungu Basa Using arep diajaraken maning ring SMP. Bengen tepakan kawitane didadekaken muatan lokal (mulok), basa Using diajaraken ring SD kelas 4,5,6 lan SMP kelas 1,2,3. Aju ana Kurikulum taun 2013 hang masthekaken gok saben guru kudu mulang pelajaran miloni keahliyane. Nana wih, pengajaran hang nong SMP sakkal diendhegaken merga hing ana sarjana basa Using seperene. Guru ring SMP iku mula guru bidang studi hing kaya guru kelas hang nong SD.
   Jare Ketua Musyawarah Guru Mata Pelajaran (MGMP) Bahasa Using SMP, Yeti Chotimah, S.Pd, M.Art, taun ajaran ngarep iki basa Using arep dilebokaken maning.
   Bupati Banyuwangi Ibu Ipuk Fiestiandani milu nyokong bahasa dhaerah diparekaken nyang lalare teka PAUD sampek perguruan tinggi ring Banyuwangi.
   Masiya tawis merga ring Banyuwangi iku multi etnis, ana pisan bahasa dhaerah Jawa lan Medura. "Dadi tujuwane hing ngusingaken Banyuwangi taping kelendi ring maneka potensi seni, budhaya, sejarah, adat lan wisata dingerteni ring peserta dhidhik."
    Mbok Yeti hang uga guru SMPN 3 Rogojampi iki ngomong gok kanggo persiyapane arep dianakaken talkshow ping lima maning.
"Talkshow hang kawitan kelawan narasumber Bupati Banyuwangi lan Bappeda, aju ana hang ngelibataken  Dinas Pendidikan, Komite orang tua lan Dewan pendidikan, MKKS SMP, MGMP Bahasa Using uga Dewan Kesenian Blambangan lan Ormas/LSM/Media hang wis katon megiyet kanggo merujuke basa Using."
   Dene pelajaran kanggo lalare SD, katone saya apik. "Kanggo SD bukune wis semebar saben sekolahan sak Banyuwangi, kanggo tambahan materi SD kang akeh iku Bab Tata Bahasa lan Kesenian lan nggawe kalimah," jare koordinator guru basa Using SD kang Juwono.
   Materi kanggo SD lan SMPne emeh padha taping tingkat kesulitane bain hang dibedakaken. Umpamane, pelajaran Basanan, ring SD cukup basanan rong larik, dene Basanan petang larik kanggo SMP.
   Pelajaran Wangsalan kanggo SD, bengen mulai kelas 5, saiki wangsalan kanggo kelas 6, iku bain kang wis anjrah utawa kang gampang, kayata gundha latar, belimbing bumi, gelang alit, ngelawang banyu ambi maknane pisan, gedigu jare KangJu hang uga penabuh angklung teka Singojuruh iki.
   Muga-muga bain saya apik Pengajaran basa tinggalane embah buyut iki.

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Hani Z. Noor