Pengalaman Milu Lomba Sastra Bahasa Using

Ica Septia Ramadani (dipublikasikan pada Sabtu, 03 September 2022 09:59 WIB)
- Laporan



Tanggal 30 Agustus 2022 sore dianakaken acara fasilitasi Lomba Sastra Bahasa Using hang digawe ambi Dinas Pendidikan Kabupaten Banyuwangi ring SMP Negeri 1 Giri. Ring acara Lomba iku ana telung macem perlombaan yaiku: Lomba Cerpen, Lomba Puisi, ambi Lomba Pidhato. Ring telung macem perlombaan iku, isun milu salah siji perlombaan yaiku maca pidhato, hang dipiloni kira-kira lebih 50 lare.

Ring babak penyisihan iki dijuwut limang peserta hang paling apik melebu ring babak final. Isun dhemen dianakaken acara Lomba iki merga lare-lare enom jaman saiki bisa ngaca ambi nyonto sekendi pentinge nguri-uri budayane dhewek yaiku budaya Banyuwangi.

Jujur bain isun lare Banyuwangi hang sing kulina nganggo basa Using, bisa dhemen nganggo basa Using kerana rasa mongkog nyang pentinge awak dhewek nguri-uri budaya Banyuwangi.

Engkisuke tanggal 31 Agustus 2022 dianakaken babak final ring SMP Negeri 1 Giri teka limang peserta hang kepilih ring babak Penyisihan. Ring babak Final iki isun sinau akeh lan ulih pengalaman anyar. Isun dikongkon tampil maning ditambahi ambi njawab pitakonan jurine. Isun gemeter seru ring acara iki.

Marek iku bareng ambi pembinanisun nunggoni uwar-uwar pemenang teka asil sidhang bapak-bapak juri yaiku Pak Abdullah Fauzi, Pak Aden Syahlana lan Pak Iwan Rohmatuddin. Cumpune ketua panitiane ngumumaken gok arep diumumaken dina Sabtu engkisuke ring acara Musyawarah Kerja Kepala Sekolah (MKKS). Ring kono atinisun tambah dheredhegan sing kakaruwan. 

Teka acara Lomba Sastra Basa Using iki, Isun ulih pengalaman-pengalaman hang sing bisa sun lalekena. Isun girang seru. Kapan bisa, lombane iki dipiloni ambi lare-lare TK, SD, malah sampek wong tuwek-tuwek ya tambah apik. Supaya paran? Makene generasi mbisuke bangsa iki bisa milu nguri-uri budaya Banyuwangi.

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Sumber : artikel by : Ica Septia Ramadani

Editor: Hani Z. Noor