Penghargaan Gubernur Jatim Kanggo SMA Taruna Bhayangkara Banyuwangi

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Kamis, 13 Oktober 2022 07:17 WIB)
- Laporan



Upacara dina dadine hang kaping 77 Propinsi Jawa Timur taun 2022 dianakaken ring latar Gedung Nasional Grahadi  Surabaya. Acara iku nekakaken masarakat adat hang ana ring Jawa Timur salah sijine teka suku Using Banyuwangi.   
   Para tokoh hang nerima penghargaan lan hadhiyah teka Gubernur Khofifah Indar Parawansa, antarane yaiku para penari teka Medura, Blitar, Mojokerto, Kota Surabaya, Gita Swara kelompok Paduan Suara asil saringan peserta sak Jawa Timur lan Marching band kolaborasi  Jaranan Buta lan Gandrung teka SMAN Taruna Bhayangkara Banyuwangi.
    Khofifah nyampekaken kadhung acara ring latare Grahadi iku duwene masarakat sak Jawa Timur.
   "Mulane saben-saben dhaerah ring Jawa Timur kudu ana hang ngewakili. Kumpul dadi siji ning kene. Kelawan tekad Optimis Jatim Bangkit, Jatim kudu pulih teka Pandemi paling cepet timbang propinsi liyane. Jatim kudu jenggirat lebih kuwat dibandhing propinsi liyane," abane Gubernur ambi ngepelaken tangan lan ngangkat-angkat tangane. Khofifah ngarep-arep, masarakat Jatim sing kepilu-pilu ning perkembangane teknologi hang bisa mengaruhi pola pikir lan pola uripe, saingga kelali-lali ning urusan budhayane. Yaiku budhaya unggah-ungguh, budhaya gotong-royong, budhaya seduluran lan budhaya lokal liyane.
"Sun jaluk masarakat aja sampek ngelalekaken budhaya tinggalane sembah buyut hang mulya,".
   Mulane Gubernur Jatim uga njaluk ning panitiya supaya nekakaken masarakat adat hang ana ring Jatim. Acara iku uga ditekani gubernur Jatim dhongkol kaya Pak De Sukarwo lan Pak Imam Utomo.
Teka Banyuwangi ana Mbok Wiwin minangka aktifis AMAN (Aliansi Masyarakat Adat Nusantara), Bogi lan Ribut Hariyanto teka Komite Adat DKB, Sarino tokoh adat Jopuro, Haidi Bing Slamet teka adat Kemiren, Sunardi tokoh adat Olehsari lan Kang Ujik ngewakili Disbudpar Banyuwangi. Mbok Wiwin ngusulaken, kanca-kanca masarakat adat sak Jatim kadhung bisa duwe jaringan husus kanggo mbangun komunikasi lan anaa wadhah kanggo kumpul-kumpul ngomongaken masalah adat, tata kerama lan moral lare-lare saiki hang uwis keracunan teknologi.


(Kang Ujik)

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Hani Z. Noor