Penghargaan nyang Maestro Tari Banyuwangi

Moh. Syaiful (dipublikasikan pada Sabtu, 30 April 2022 13:24 WIB)
- Laporan



RTH Singojuruh Banyuwangi dadi saksine gelar “Nyawiji” kapindho taun 2022. Ring kana dikawiti mangkat sakat jam 14.00 sampek pungkas jam 23.00 wib. Ana dhung 33 sanggar tari lan 300 penari hang ana ring sak Banyuwangi iki njuget gentenan nana lekas-putuse nduduhaken kreasine ana ring panggung hang ana tribune madhep ngalor. Njugete mung pedhot rikala melebu wektu adan bain. Angger mari adan lan salat jugetane diterusakaen maning.

“Nyawiji” jilid 2 iki kerenteg anane teka nom-noman seniman tari Banyuwangi hang dipimpin Samsul Kemiren utawa hang aran jangkepe Slamet Diharjo S.Sn. Pagelaran iki saktemene dienggo mengeti dina tari sak donya hang pas dina iku yaiku tanggal 29 April 2022. Nyawiji hang kawitan dianakaken taun 2021 ana ring RBK (Rumah Adat Kebo-keboan) Alasmalang ring mangsa pandemi covid-19 taun kepungkur.

Hasan Basri ketua DKB hang nekani kegiyatan iki milu mongkog merga nom-noman seniman tari Banyuwangi iki magih guyup rukun lan bisa nganakaken Nyawiji hang kaping pindho iki. Ketua DKB iki uga kaju nyang antusias penonton Singojuruh hang ambyak-ambyakan anggone nekani kegiyatan iki, masiya iki wis teka mangsa penampan lebaran. Sing luput kadhung Singojuruh pancen DNA-ne seni. Getihe pancen getih seniman.

Sakliyane Ketua DKB hang uga nekani acara iki antarane bain Camat Singojuruh Bambang Santoso lan Kades Singojuruh Suharto. Pak Camat lan Pak Lurah iki uga milu maju gandrung ring acara pajuan Gandrung Temu.

Ring wayah bengi panitia “Nyawiji” nggawekaken panggon lan wektu dhewek kanggo nguweni kenang-kenangan nyang para maestro tari Banyuwangi. Ana telung maestro tari hang diweni kenang-kenangan kanggone ngapresiasi nyang rekadayane wong-wong iki nyang tari Banyuwangi. Maestro telu iki 1. Alm. Sumitro Hadi, 2. Alm. Sahuni S.Sn, lan 3. Temu Misti (Gandrung Temu).

Mak Temu bisa nekani dhewek lan bisa nerima langsung kenang-kenangan hang arupa lukisan potrek iku. Gandrung hang wis kesuwur iki magih bisa ngisi acara ana ring Pagelaran “Nyawiji” masiyatah wis umure wis lebih 6o taun. Alm. Sahuni S.Sn diwakili ambi Ny. Alm. Sahuni, lan Alm. Sumitro Hadi diwakili ambi Moh. Syaiful.

Ring sambutan makili para Maestro,  Moh. Syaiful nyatakaken seneng lang kerasa-rasa nyang kegiyatan “Nyawiji” iki. Syaiful hang uga salah sijine pegiyat Sanggar Jingga Putih pimpinane Sumitro Hadi iki uga nyampekaken wasiyate almarhum nyang para koreografer enom-noman, yaiku, sakdhuwur-dhuwure sira kabeh golet ilmu lan ngelmu nyang kesenian, sak adoh-adohe sira kabeh ngumbara ring babakan kesenian perlu sira engeti aja sampek sir alali nyang tanah hang sira idek iki yaiku tanah Banyuwangi, Jaganen seni tradisi Banyuwangi aja sampek mati, kudu diuri-uri.

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Sumber : Kabar Anyar

Editor: Antariksawan Jusuf