Pengukuhan PC Aisyiyah sak Kabupaten Banyuwangi
Nani Asiany Mustikowati (dipublikasikan pada Sabtu, 29 Juli 2023 08:48 WIB)
- Laporan
Aula SMK Muhammadiyah 6 Rogojampi ring dina Ahad (23/7) sore iku katon rumang merga sekira telungatus emak-emak kang kompak nganggo seragam ijo kudhung kuning ngebeki panggonan sakperlu ngadhiri acara Pengukuhan Pimpinan Cabang Aisyiyah se Kabupaten Banyuwangi, kang penguruse wis dipilih liwat musawarah ring cabang /kecamatane dhewek-dhewek. Kanggo mujudaken kadhung wong-wong Aisyiyah milu ngurangi dheket pelastik, hadhirin wajib nggawa dhewek banyu ombenan kang diwadhahi botol (tumbler). Panitiya mung nyedhiyani banyu ombenane thok. Kadhung hadirin sing nggawa botol, panitiya dodol botole.
Acara pengukuhan kang njuwut tema “Sinergi Membangun Organisasi Mewujudkan Perempuan Berkemajuan” dikawiti jam 08.00. Kanggo mapag dhayoh kang mula seneng makene tambah seneng, dhayoh kang teka sulung iku disuguhi penampilan murid-murid TK Aisyiyah, antarane jugedan gandrung lan tapak suci. Keploke hadirin mari-mari anter merga lare kang magih cilik-cilik iku bisa tampil apik.
Sakdurunge pengukuhan, acarane disulungi gema wahyu Illahi, nyanyi lagu Sang Surya lan Mars Aisyiyah. Aju munggah siji-siji nong panggung, pimpinan cabang sak kabupaten Banyuwangi kang diwakili ketua lan sekretaris dikukuhaken kepengurusane ambi ketua Pimpinan Daerah Aisyiyah Kabupaten Banyuwangi, Laili Damayanti, S.Psi. Nalika acara pengukuhan, kahanane mari-mari hidmat merga dadi pimpinan kang wis dipilih lan dipercaya ambi anggotane iku kudu bener-bener amanah.
Ring tengah acara, Ketua PD Muhammadiyah diweni waktu nyampekaken sambutan. Mung sithik Dr. Muhlis L nyampekaken sambutan, kang intine wong Aisyiyah iku kaya nong sair lagu mars Aisyiyah “Di tanganmulah nasib bangsa” kadine wong Aisyiyah minangka pilar negara kudu milu bareng mbangun bangsa. Kekarepane ketua PDM memper ambi sambutane Bupati Banyuwangi, Ipuk Fiestiandani Azwar Anas. Jare bupati, Aisyiyah wis dadi gandhengane pemerintah mbangun dhaerah Banyuwangi. Nalika bupati ngantor ring desa (bunga desa), akeh wong Aisyiyah kang milu mbangun desane. Bupati uga pesen, wong Aisyiyah kudu penter maro waktune antara kepentingan organisasi ambi keluwarga. Duwe ilmu lebih ya disebarena nyang masarakat. Aisyiyah bisa jihad nong tengah masarakat. Ambi modhal agama Aisyiyah bisa ningkataken peran wong wadon liyane, majokaken ekonomi masarakat polae wong wadon iku lebih omes, telaten dibandhingaken wong lanang. Taping bupati uga pesen, sing ulih jumawa. Ahire ring pidhato bungkasan bupati ngucapaken kesuwun nyang Aisyiyah kang wis berjuwang kanggo Banyuwangi. Muga-muga kita diedohi balak belai.
Sakmarine sambutan bupati, acara ditutugaken pengajian milad Aisyiyah kaping 106 Masehi/ 109 Hijriyah. Kang nyampekaken pengajian iki wakil ketua Pimpinan Daerah Aisyiyah, Robithoh Azizah. Pas ambi tema pengukuhan, iyane nyampekaken Risalah Perempuan Berkemajuan. Milad taun iki ndadekaken karakter lan komitmen dadi cekelane Aisyiyah. Ana pitu karakter lan sepuluh komitmen perempuan berkemajuan. Pitung karakter iku antarane Iman lan takwa, taat ibadah, ngelakoni perintah Pengeran lan ngedohi laranganE. Disusul Ahlakul Karimah. Perkara ahlakul karimah iki mula tepak ambi sabdane Nabi Muhammad SAW kang nyatakaken kadhung iyane diutus Pengeran kanggo nyempurnakaken ahlak. Karakter liyane, Aisyiyah iku ana ring tengah (moderat), lan amaliah solihah. Sedheng komitmen Aisyiyah antarane nguwasai ilmu lan teknologi. Wong Aisyiyah sing ulih kanji ambi kemajuan teknologi merga iman lan ilmu bisa diangkat derajate ambi Pengeran. Ring Banyuwangi iki wong Aisyiyah ana kang dadi ketua RT sampek dadi kepala desa. Mungkasi pengajiane Robithoh pesen, karakter lan komitmen iki supaya ditulis lan dipasang ring kantor-kantor Aisyiyah.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.







