Pengumuman Seleksi Penulisan Cerita Anak DwiBahasa
Wahyu Rizki Kurnaini (dipublikasikan pada Selasa, 12 Maret 2024 07:39 WIB)
- Laporan
Kawitane tanggal 7 Februari 2024 kepungkur, Balai Bahasa Jawa Timur (BBJT) ngajak kabeh masarakat kang ana ring Jawa Timur kanggo milu nyang kegiyatane arupa Seleksi Penulisan Cerita Anak DwiBahasa Tahun 2024 liwat akun Instagrame balaibahasa.jawatimur.
Seleksi iki nduweni sarat yaiku cerita kang ditulis kudu nganggo salah sijine basa dhaerah Jawa Timur yaiku basa Jawa, basa Madura lan basa Jawa dialek Using uga ditambah alih basane nang basa Indonesia, mangkane diuweni aran Dwibahasa.
Naskah cerita kang dikirim sing ulih luput ambi tema kang ditamtokaken yaiku tradhisi lisan, seni pertunjukan, adat istiadat, pengetahuan (kulinari), permainan rakyat lan kerajinan tradhisional.
BBJT seru girange ndeleng kerentege masarakat Jawa Timur kang padha semangat milu seleksi iki, katon teka akehe naskah cerita kang dikirim. Kerana iku mau kang nggarahi pengumuman penulis kepilih, kang awale dijadwalaken tanggal 28 Februari 2024 diundur sampek tanggal 8 Maret 2024..
Ring Instagrame tanggal 27 Februari 2024, balai Bahasa meruhi gok ana 730 naskah kang wis dikirim ring antarane 598 naskah nganggo basa Jawa, 98 naskah nganggo basa Madura lan 34 naskah nganggo basa Jawa dialek Using. Nah, kerana akeh naskah kang dikirim iku mau ndadekaken BBJT kudu bisa selektip milih endi naskah kang pesadu dicetak dadi buku.
Tanggal 8 Maret 2024, Balai Bahasa ngumumaken sapa-sapa penulis kang lulus seleksi penulisan Cerita Anak Dwibahasa ring akun Instagrame. Ring kana ketulis ana 110 penulis kang melebu seleksi. Ring antarane penulis teka Banyuwangi yaiku Rayhan Rizki Fadhillah, Novi Susanti, Nur Holipah, Ratih Puspa, Urip Limartono Aris, Faiz Zathur Rosida, Putri Nurul Azizah, Wahyu Rizki Kurnaini, lan Andi Sep Kurniawan.
Seleksi Penulisan Cerita Anak Dwibahasa iki nguweni hadhiyah arupa picis pembinaan hang gedhine 3 juta rupiah kanggo saben naskah cerita kang kepilih.
Muga-muga anane kegiatan iki bisa nggugah masarakat Jawa Timur kanggo terus ngetokaken karyane lan bisa ngelestarekaken basane dhewek. Lan kang kudu dienget uga diuri-uri semboyane Balai Bahasa yaiku TRI GATRA BANGUN BANGSA kang isine "Utamakan Bahasa Indonesia, Lestarikan Bahasa Daerah, Kuasai Bahasa Asing".
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.
Sumber : Intagram Balai Bahasa Jawa Timur
Editor: Antariksawan Jusuf







