Penulis Banyuwangi Ring Pelatihan Penulisan Naskah Sastra Daerah
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Selasa, 29 Maret 2022 09:01 WIB)
- Laporan
Balai Bahasa Jawa Timur (BBJT) ngarepaken njumbule penulis-penulis cerita basa dhaerah kanggo nguwataken literasi dhaerah Jawa Timur.
"Kepingine kelendi buku-buku basa dhaerah iki bisa dadi wacanan kanggone wong hang lebih akeh," gedigu jare Kepala BBJT Dr. Asrif tepak mbukak acara hang hang diarani "Bimbingan Teknis Penulisan Naskah Sastra Anak Berbahasa Daerah" iki dianakaken sakat tanggal 28 sampek 31 Maret ring hotel Luminor Sidoarjo.
"Program iki cocog ambi Gerakan Literasi hang ana ring Jawa Timur," tambah Pak Asrif. "Naming nyatane kene iki kurang wacanan kanggo lalare PAUD."
Ana telu penulis Banyuwangi hang wis milu seleksi lan milu ngadhiri kegiyatan Bimbingan Teknis yaiku Urip Limartono Aris (kelawan judhul: Usum Layangan), Nur Aini (Layangan Anyar) lan Andisep (Ulihe Nulung Dadi Ketulung).
Wong telu iki aju milu seleksi maning ring antarane 25 penulis hang wis dipilih teka 38 kabupaten lan kutha sak Jawa Timur. Teka 25 penulis aju dipilih 16 karya hang arep diterbitaken ring BBJT taun 2022 iki.
Jare Pak Asrif kanggo program Penerjemahan, taun sore BBJT wis ngalihbasa 20 karya basa dhaerah Jawa, Medura lan Using nyang basa Indonesia. Teka Banyuwangi ana Pereng Puthuk Giri karyane Kang Abdullah Fauzi lan Markas Ketelon karyane Antariksawan Jusuf. Ulan November taun sore buku asil alih basa buku iki wis dicetak lan disebar ring kantor-kantor Balai Bahasa Indonesia. Alih basa buku cerita iki wis miloni proses ping telu yaiku alih basa, penelaahan lan diwaca maning ring penulise dhewek-dhewek. Hang wis dialih basa iki rata-rata cerita kanggo wong dhewasa. Dene cerita kanggo lalare PAUD buru taun iki bisa kelaksan.
Kegiyatan BBJT liyane yaiku ngetokaken pirangane majalah lan jurnal. Kayata majalah Mijil Titis Basa (basa Jawa), Ajisaka (nganggo aksara Carakan), Joko Tole (basa Medura), Lontar Using, lan majalah Panji Balai. Hang kelebu Jurnal yaiku ana Atavisme (sastra), Medan Bahasa (linguistik), Jembatan Merah (Pengajaran Bahasa & Sastra).
Buku kanggo lalare iki setemene pasare gedhi seru naming kudu ngugemi pirangane aturan, jare Vanda Arie teka Forum Lingkar Pena Sidoarjo hang dadi salah siji nara sumber. Yaiku 1. Miloni norma/nilai positip masarakat 2. Hing ngemu unsur pornograpi lan paham ekstrimisme, radikalisme lan kekerasan, bias gender lan perkara nyeliwah liyane, 3. Ngewani lalare pituduh pengetahuan lan keterampilan.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.







