Pesantren Kilat Ngisi Preian

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Selasa, 28 Juni 2022 08:37 WIB)
- Laporan



"Timbang pereian mung memengan hape utawa menganan liyane hang sing pati manpaat, bangur milu pesantren kilat, ana manpaate kanggo tambah ngarteni ilmu agama," jare Pimpinan Cabang Muslimat NU Kabupaten Banyuwangi, Dra.Hj. Ma'mulah Harun,M.Pd.I kang uga anggota DPRD Jatim.
   Anak wadon Kiyai hang ngedegaken ponpes Darunajah iki ngewani wekas ring Lembaga Kesejahteraan Sosial Anak Khadijah nggelar Pondok Pesantren Kilat dan Tadabbur Alam ring YKM Khadijah, suwene petang dina teka Senin sampek Kemis tanggal 30 Juni kesuk. 
  Pesantren kilat iki minangka agenda positip lan perlu ditularaken kanggo ngisi wektu pereian lalare sekolah. Sakliyane iku uga bisa dadi terobosan kanggo ngenalaken ajaran Ahlussunah wal Jamaah An-Nahdliyah kader bangsa. Iwuh iku bisa pisan kanggo ndata 100 lare atim hang dirawati YKM Khadijah NU ring iwuh 1 abad NU.
"Minangka kita asatid lan asatidah, aja sampek kene iki ninggalaken generasi hang lempe. Generasi kudu disiyapaken dadi anak putu hang kuwat, utamane kuwat imane, takwane, seger awake lan kuwat ekonomine. Mangka iku kudu ana persiyapan sakat kawitan miloni sariat," jare wong hang kerep diceluk  Ning Mul iki.
   Ketua Panitia Pesatren Kilat, Abdul Rosyid, S.Pd ngomong gok pesantren kilat iki diisi ring pirangane kegiyatan kayata maca Quran, murojaah, semaan, salawatan, tauhid, fiqih salat lan annisah uga aswaja kang disampekaken ring kang  Ayung Notonegoro.
   Materi liyane yaiku fiqih, akidah lan ahlak, tarikh, tajwid, maca puisi, mewarnai, nasyid lan seni meronce ketrampilan. Lare hang milu uga dibiyasahaken milu salat jamaah, tahajud lan duha.
   “kekarepane kelawan anane kegiyatan iki merujuk rasa welas kanggo dhemen nang pesantren lan merujukaken ati kang bisa migunani kanggo masarakat," jare Guru SDN 2 Karangrejo hang juga ustad ring Ponpes Al-Anwari Kertosari ini.
   Pesantren kilat iku dipiloni 33 lare teka lalare setingkat MI (SD), Tsanawiyah (SMP) uga lalare MAN (SMA).
   Ketua LKSA Khadijah Hj Muzayyinah Zaini nyampekaken kegiyatan iki nduweni tema: "Menyiapkan Generasi Kader Bangsa Yang Bertaqwa, Cerdas, Ceria dan Beraklaqul Karimah". Karepe makene bisa dadi pondhasi hang kuwat kanggo para pelajar muslim makene bisa ngewani paedah ring dina ngarepe.
Pembukaan acarane uga diisi nggandhang lagu Yalal Wathon lan Umbul -Umbul Blambangan kang dipandhu  Ketua PAC Muslimat Blimbingsari hang uga kades dhongkol Gintangan, Rusdiana, A.M. Pd.
Seliyane senam, ring pungkasan acara lalare arep ngelencer nong Umbul Bening lan De Djawatan.

(Laporan Q'Nin/@guk)

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Hani Z. Noor