Peserta Bimtek Penulisan Naskah Sastra Anak Digoyang Demy

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Jumat, 01 April 2022 08:51 WIB)
- Laporan



Bayangaken: ana 25 wong ring ruangan teka pirangane kabupaten kota ring Jawa Timur. Ana wong Jawa, Medura lan Using. Dina Rabu 30 Maret sore iku wektune emeh magerib, wong-wong iku wis digerujug ilmu nulis kanggo buku hang sasarane lalare cilik. Mata wis emeh kiyep. Saben dina Bimbingan Teknise dikawiti jam 09.00 lan dipungkasi jam 21.00. Kabeh kudu menthelengi laptop, nyathet omongane instruktur, lan mikir kelendi carane tulisane bisa diterbitaken ring Balai Bahasa Jawa Timur (BBJT). Masiya diuweni mangan sedina ping telu, cemilan sedina pindho taping arane wong kesel hing keneng dipenggak.
   Dadi tepak isun minangka instruktur kanggo ngedhit naskah berbahasa Using nduduhaken tulisan hang sing miloni Pedoman Ejaan nganggo pideo klipe penyanyi Banyuwangi Demy "Kanggo Riko", wong-wong mau wis hing ngerasa gok iyane kabeh magih milu Bimtek. Sasate wong-wong kabeh wis weruh kelendi lagune lan milu nggandhang. Ruangan ballroom hotel Luminor Sidoarjo uwah dadi ruangan karaoke. Kabeh milu nggandhang.
Ibu Atien teka BBJT hang dadi moderator ring sandhingisun seru kajune, "Kok mereka pada hapal?"
   Setemene materinisun iku mung kanggone wong telu hang milu kategori Using, yaiku Urip Limartono Aris (kelawan judhul: Usum Layangan), Nur Aini (Kecek) lan Andisep (Nong Endi Emakisun?). Kelendi Pedoman Ejaane, paran bain hang kudu dilakoni kadhung nyunting naskah, umpamane kadhung wis ana istilah Usinge, aja nganggo istilah teka basa liyan. Taping merga lagune Demy mauka, wong-wong, utamane lare lanang-lanang hang teka Medura, pating betah lan nunggoni sampek acarane entek.
   Ana wong 15 hang makili sastra Jawa taping engko dipilih mung 10 hang karyane arep diterbitaken, ana wong pitu makili sastra Medura (telu hang arep diterbitaken) lan telu makili sastra Using naming mung loro hang diterbitaken. Rencana gedhine, BBJT kepingine nambahi kekurangan sastra kanggo lalare cilik hang umure kira-kira teka 6-10 taun.
   Taun sore BBJT wis ngalihbasa 20 karya basa dhaerah Jawa, Medura lan Using nyang basa Indonesia. Teka Banyuwangi ana Pereng Puthuk Giri karyane Kang Abdullah Fauzi lan Markas Ketelon karyane Antariksawan Jusuf. Ulan Nopember taun sore buku asil alih basa buku iki wis dicetak lan disebar ring kantor-kantor Balai Bahasa sak Indonesia.
   Iki bandhingane lirik lagu hang kewaca ring pideo klipe Demy lan hang ditulis ngugemi Pedoman Ejaan Using.

Hang ana ring klip pideo
  
Kanggo riko
Sing ana hang biso, ngalangi niat iki
Masio tah samudro sun arungi
Sing ono hang biso, mbatesi welas iki
Masio ilang nyowo sun belani

Paran byaen sun lakoni, kanggo riko

Siji-sijine mung riko
Nong ati nisun selawase
Separuh rogo iki
Yoro mung kanggo riko

Kadhung dibecikaken nganggo Pedoman Ejaan dadine gedigi:
 
Kanggo Rika
Sing ana hang bisa, ngalangi niyat iki
Masiya tah samudra sun arungi
Sing ana hang bisa, mbatesi welas iki
Masiya ilang nyawa sun belani

Paran bain sun lakoni, kanggo rika

Siji-sijine mung rika
Nong atinisun selawase
Separuh raga iki
Yara mung kanggo rika

Malah sak marine acara, hang benere dienggo husus mbecikaken naskah peserta Using, merga magih ana wektune peserta Bimtek magih njaluk imbuh maning yaiku gendhing Kelangan lan Edan Turun. Bimtek ya bimtek, goyang hing kelalen. Iki hang arane diplomasi budaya.

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Hani Z. Noor