Pesta Rakyat Kopi ring Gombengsari
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Jumat, 11 Agustus 2023 10:00 WIB)
- Laporan
Paran hang ana ring endhas tepak rungu ucap, Gombengsari? Bener, kopi rakyat. Mangkane hing salah seminggu iki dianakaken Pesta Rakyat Kopi Gombengsari, 6-13 Agustus 2023.
Delengen bain, Gombengsari hang dadi salah siji sentra kopi paling gedhe ring Banyuwangi, dadi rumang merga ana maneka lomba hang nyenggol donya kopi lan kelenceran. Sakat teka Lomba Pemandu Wisata, Lomba Barista, sampek Lomba Tumbuk Kopi lan Bursa Kopi.
Gombengsari iki salah siji kelurahan ring Kecamatan Kalipuro, panggonane rada dhuwur ring antarane 450-600 mdpl, lan nduweni kebonan kopi werane 850 hektare.
Saben taun Gombengsari ngasilaken 700 ton kopi jenis robusta, sakbagiyan dibudidaya kelawan cara organik.
Jare Ketua Panitia Pesta Rakyat, Kang Hariyono Ha'o, mungkasi acarane arep digelar tanggal 13 Agustus yaiku tontonan proses kopi rakyat teka pucuk sampek bongkot, kayata budidaya kopi, milih kopi, nggoreng sampek nyuguhaken kopi.
"Kelawan pesta iki, potensi-potensine bisa dibeliyaki sampek jeru."
Setemene, ngolah kopi kelawan cara moderen ya wis dilakoni. Produk kopi seperene ana 30 kang wis diasilaken ring lalare enom Gombengsari. Sakliyane mroduksi, ana pisan lalare hang dadi barista lan coffee roaster.
"Kelawan pesta rakyat iki, diarepaken bisa ngangkat perspektip anyar ring kopi rakyat Banyuwangi."
Terobosan liyane umpamane ana produksi kopi organik hang wis ana sertipikasine.
Dene Kepala Dinas Kebudayaan dan Pariwisata Kabupaten Banyuwangi MY Bramuda ngomong gok Pesta Rakyat Kopi Gombengsari digelar kanggo ngangkat potensi kopi rakyat.
"Seperene wis akeh jenis kopi Banyuwangi hang kawentar. Taping akeh hang durung weruh gok kopi-kopi hang semebar iku asale teka wilayah Gombengsari," jare Bramuda.
Bramuda ngomong Gombengsari uga nduwe agrowisata hang nyuguhaken pengetahuan lan pengalaman anyar bab ngolah kopi.
"Ngerasakaken kopi rakyat hang nduwe kualitas dhuwur langsung ring panggonane ngewani rasa pengalaman ngopi hang beda kanggo wisatawan."
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.







