Pestipal Budaya Ramadan
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Kamis, 21 Maret 2024 08:11 WIB)
- Laporan
Saben ulan puwasa ring endi-endi panggonan magih ana tradhisi nggugah saur. Kadhung jaman bengen magih nganggo cara keliling jak akehan ambi nggawa tabuhan. Melebu metu lompongan ambi melung-melung nggugah tangga, dulur lan warga supaya tangi aju nyepak-nyepakaken saurane. Tradhisi keliling nggugah uwong makene saur iku kesebut patrol, asal teka patroli. Taun 70-an bengen barang hang ditabuh ambi keliling iku magih sekarepe dhewek. Ana hang nggawa cirigen, timba, gembreng, baki, tidhure langgar dicoplok lan dipikul ambi ditabuhi, lan ana uga hang nggawa piring seng.
“Nalika iku Isun milu rombongan keliling hang kaya gedigu iku, dicegat ambi ruwahe Kang H.Tejo goncengan sepidhah udhud ambi Mas Kakang Soeroso, aju nyampekaken kadhung Pemerintah Banyuwangi arep nganakaken lomba patrol. Taping alat hang ditabuh kudu digawe teka jajang kabeh. Kekarepane pemerintah kelaksan. Lomba patrol iku pungkasane dianakaken saben ulan puwasa lan patrol jajang dadi duwene masarakat Banyuwangi. Dadi idhentitas,” abane Abdullah Fauzi ngengetaken sejarah njumbule lomba patrol jajang ring Banyuwangi.
Paran hang disampekaken Fauzi iku kanggo nanggapi anane peserta hang alat musike sing digawe teka jajang uni bengi, Selasa, 19 Maret 2024, nalikane mbiji babak penyisihan liwat kiriman pideo peserta ring Dinas Kebudayaan dan Pariwisata Kab.Banyuwangi.
Kepala Bidang Kebudayaan Disbudpar Kabupaten Banyuwangi, Dewa Alit nyampekaken, juri hang ditunjuk pemerintah liwat SK Kadisbudpar ana pitung uwong. “Yaiku praktisi musik tradhisional, praktisi tari, tata busana uga riyas lan praktisi gendhing. Pitung uwong iku Subari Sofyan, Juwono, S.Pd, Sunardiyanto, S.Pd, Suko Prayitno,S.Pd, Adlin Mustika, S.Sn, Moch. Ikwan lan H. Abdullah Fauzi. Sak liyane mbiji peserta patrol, uga mbiji peserta Kundaran.
Alhamdulillah peserta hang ngirim ana wolung kecamatan lebih. Yaiku Banyuwangi, Belimbingsari, Cluring, Srono, Kalipuro, Giri, Songgon, Kalibaru, Glagah, Kabat, Tegaldlimo. Ana hang sak kecamatan ngirim rong tim kanggo patrol lan kundaran,” jare Kang Dewa ngewakili Plt. Kadisbudpar.
Para juri wis ngarteni kadhung Kuntulan iku bida ambi Kundaran. “Kadhung Kundaran iku pengembangan teka Kuntulan. Kundaran iku Kuntulan Dadaran. Alat musik Kuntulan ditambahi alat musik tradhisi Banyuwangi kayadene kendhang keplak, kethuk, gong, piul, keluncing lan sing ulih ditambahi ambi alat modheren hang sipate elektronik,” jare Kang Sunar Kendhang. Kadhung dirungokaken suwara sindhene, ana salawatane uga ana tambahane gendhing banyuwangen. Kadhung dideleng teka gerak perodade, ana rodad asli kuntulan lan ditambahi kelawan gerak tari banyuwangian. Masiya tah wis hang rodad jilbaban,” abane Koreografer kawak, Subari Sofyan. Kadhung ngukur kuwalitas, wis ana ring ndhuwure setandhar. “Untung-untung lare saiki magih nyandhak ring masalah pola rodad Kundaran,” jare Kang Ju ngegongi bantah-bantahane para juri.
Pungkasane pungkas, Dewan Juri milih 5 (lima) peserta Patrol lan 5 (lima) peserta Kundaran hang nduweni hak tampil ring babak final dina Senin, 25 Maret 2024 ring latar kidule Stadion Diponegoro. Kanggo Finalis Kundaran mari tampil ya wis mari. Taping peserta Finalis Patrol, mari tampil ring panggung kudu keliling ngeliwati galur hang uwis ditamtokaken ambi panitiya. Yaiku, teka setadhiyon biluk ngiwa ngeliwati Jl. Jaksa Agung Soeprapto, gadug wetane KUA Banyuwangi biluk ngiwa sampek notog pertelon Jl. Musi biluk ngiwa maning. Gadug pertelon biluk nengen ngeliwati Jl. Bengawan sampek pertelon kawitan, biluk nengen melebu Jl. Serayu. Nyaberang Jl. PB. Soedirman temurun melebu Jl. Malik Ibrahim sampek pertelon SDN 3 Panderejo biluk nengen tembus Jl. Dr. Soetomo biluk ngiwa sampek finish ring kidule Gesibu Belambangan utawa ngarepe PT. Pos Indonesia. 5 (lima) Finalis Patrol yaiku wakil teka Kec. Banyuwangi, Belimbingsari, Cluring, Kalipuro, Srono. 5 (lima) Finalis Kundaran teka perwakilan Kec. Banyuwangi, Belimbingsari, Cluring, Glagah lan Singojuruh.
(kang ujik)
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.








