Pondhok Ramadan ring SD Model
Nani Asiany Mustikowati (dipublikasikan pada Selasa, 03 Mei 2022 06:58 WIB)
- Laporan
Kaya dene ulan Ramadan sedurunge, Ramadan sore ya dadi ulan kang dianten-anteni ambi kabeh umat Islam sak donya. Embuh iku ning negara kang umat Islame paling akeh utawa kang umat Islame paling sithik. Apuwa? Mergane nurut keyakinane wong Islam ulan Ramadan minangka ulan ampunan kanggo sapa bain kang nggelakoni puwasa, kedadeyan kawitane wahyu Allah (Al Quran) ditampa Nabi Muhammad SAW kang diarani Nuzulul Quran uga ana bengi Lailatul Qadar, bengi kang dianteni umat Islam sak donya kerana ganjaran bengi iku lebih apik teka sewu ulan. Mangkane kadhung wis nampa ulan Ramadan lan terus liwat, dongane padha njaluk ketemu ulan Ramadan maning ring taun ngarep.
Emeh padha ambi sekolah- sekolah liyane, SDN Model Banyuwangi kang alamate ana ring dalan Wijinongko no.18 salah sijine sekolah kang milu seneng ambi tekane ulan Ramadan iki. Masiya ambi belajar kaya biyasahe, tetep sing ngurangi megiyete kegiyatan ring ulan Ramadan. Saben dinane, ring kelas pira bain kadhung ana jam pelajaran Pendidikan Agama Islam, ring kelas iku nganakaken pondhok Ramadan megawe bareng ambi guru kelase. Isine kegiyatan macem- macem. Ana kang diisi pengajian ngenani maknane puwasa Ramadan sampek lomba-lomba kang dipiloni murid sak kelas iku dhewek. Ana kang nganakaken lomba ngelir gambar, apalan maca surat-surat Quran kang cendhek-cendhek. Kabeh iku mau tujuwane makene lare-lare tetep seneng sekolah masiya ambi puwasa.
Sakliyane kegiyatan saben dinane ring sekolah, murid SDN Model milu pisan nong acara njabane sekolah. Nalika buru bain nampa ulan puwasa, murid-murid SDN Model ana kang ngisi acara ngaji (tadarus) Al Quran ning studio radio VIS FM. Mula wis pirang taun iki sekolah- sekolah dasar kang ana ring kecamatan Banyuwangi nganakaken maca Quran megawe bareng ambi radio VIS FM ring ulan puwasa. Saben sekolah wis duwe jadewal kapan tampile. Sedina rong sekolah rong sekolah. Ketepakan SDN Model keneng dina kang kawitan mangkane kang diwaca tepak surat Al Baqarah. Kisuke ditutugaken sekolah liya. Serta wis tampil kabeh, aju ditutup acara hotmil Quran. Lare-lare kang tampil ning radhiyo ambi dikancani guru Agama sak kepala sekolahe padha nekani acara hotmil Quran.
Kegiyatan liyane ring acara ulan Ramadan iki, SDN Model kang dikomandhani Hj. Istianah, S.Pd milu ngisi nong kantor Radar Banyuwangi. Acara pondhok Ramadan kang dipiloni lare- lare kang akehe sekitar petang puluh iku ambi guru agamane dijak ngisi kegiayatan kaya: selawatan, maca surat-surat cendhek, lan tausiyah ngenani puwasa Ramadan. Pihak Radar uga nguweni weweruh kelendi carane nulis berita lan kelendi nangkale kadhung ana berita-berita kang gubab. Kahanan tambah rame nalika pihak Radar nguweni hadhiyah kanggo lare-lare kang bisa njawab pitakonan.
Kalender Pendidikan ring ulan Ramadan mesthi ana kang aran dina Efektif Fakultatif (EF) kang taun iki suwene telung dina yaiku tanggal 25, 26, 27 April 2022 sakdurunge pereian kisuke. Mung sekedhar nguweni weruh kadhung EF iku, muride bisa diuweni pelajaran kaya biyasahe utawa diuweni kegiyatan kang ana kaitane ambi puwasa Ramadan. Kesempatan iki sing disiya-siyakaken ambi SDN Model. Tanggal 26 April 2022 dianakaken podhok Ramadan kang dikawiti sulung ambi acara pendhidhikan kilat ngenani Amil Zakat, dipungkasi lomba ngerancang (desain) kartu ucapan lebaran. Jam setengah loro murid-murid kelas 5 lan 6 padha hadir nong sekolahan kanggo milu hotmil Quran 30 juz. Carane, murid wolung kelas dibagi pirang-pirang kelompok. Aju saben kelompok diuweni tugas maca rong jus utawa telung jus sampek genep 30 jus. Mari ngaji bareng 30 jus iku ditutugaken acara tausiyah Ramadan, buka bareng, lan salat teraweh. Acara pondhok Ramadan kang meriyah iku dihadiri ambi Pengawas Agama Islam SD lan Korwilker Kecamatan Banyuwangi. Kanggo nutup acara Ramadan, kisuke ngedum jakat pitrah kanggo murid kang sing mampu lan masarakat sekitar sekolah.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.







