Pondhokan Rumah Ikawangi Wis Dadi
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Selasa, 12 April 2022 06:57 WIB)
- Laporan
Pengurus lan pembina Ikatan Keluarga Banyuwangi (Ikawangi) Tangerang Raya katon girang tepak dina Minggu 9 April sore sambang Pondhok Lare Atim Yayasan Satu Benih. Wis cemanthel aran "Rumah Ikawangi" ring salah siji pondhokan hang ana ring desa Tenjo, kecamatan Jambe Kabupaten Bogor iku.
Sing kerasa sakat ngelungaken bantuan arupa picis Rp. 22.500.000 ulan November 2021 kepungkur, ring ulan Pebruari 2022 bangunane wis dadi jemegreg, bisa dipanggoni salah siji santri hang ana ring kono.
Ring Yayasan hang manggoni pekarangan werane 2,4 hektar iku, sapa bain ulih milu mbangun pondhokan gedhong hang dipanggoni lare atim hang ana ring kono, dene lemahe wis disedhiyani ring yayasan. Yayasan Satu Benih iki nerima sapa bain lare atim hang gelem mondhok ring kono kelawan prei mbayar sekabehane. Ana pisan hang milu sinau ring kono, anak-anake pengurus yayasan. Sakliyane teka Jawa, lalare mau ana pisan hang teka Sumatera. Saiki lare atime hang ana akehe 74 merga pirangane lare wis lulus SMA lan metu teka kono. Dene pondhokane saiki ana 87 dadi ana 13 pondhokan hang kothong.
Kelawan inisiatipe Pembina Ikawangi Tangerang Raya, pak Sujiono SE, MM, Ikawangi Korwil Tangerang Raya (hang wilayahe kelebu Tangerang Kota lan Kabupaten Tangerang), milu mbangun pondhokan iku lan ngarani pondhokane "Rumah Ikawangi" kanggo nduduhaken gok hang mbangun iki Paguyuban Ikawangi. Umah ukuran 3x4meter iku wis jangkep ana lemari, kasur, meja belajar lan cedhing.
Jare humas Korwil Tangerang Raya, kang Yahya, hang manggoni Rumah Ikawangi saiki lare wadon aran Silvi Aulia teka Cikuda, kecamatan Parung Panjang, kabupaten Bogor.
Sore iku, pengurus lan anggota Ikawangi Tangerang Raya, ngelungaken beras, takjil, woh-wohan, sega kothak, mie instan sak liyane santunan. Lan nerusaken lakune kelawan buka bareng ring Sekretariat Ikawangi Tangerang Raya.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.







