Purna Pramuka Dasa Bhayangkara Mbantu Cianjur

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Rabu, 07 Desember 2022 08:45 WIB)
- Laporan



Para Purna anggota Pramuka Saka Bhayangkara, Minggu kepungkur mengeti dina laire hang kaping enem tahun iki. Wong-wonge iki bengen hang tau milu Pramuka bimbingane Kepolisian.

Acara hang paran anane iku dipanggokaken ring Pelinggihan Prabu Tawangalun Disbudpar Banyuwangi. Anggota Dewan Kehormatan, Kang Sarpin lan Kang H. Karnoto uga teka lan nyampekaken kadhung paguyuban hang apik iku kudu dirumat lan dijaga sedulurane.

“Perlune paguyuban iki diedegaken ra kanggo njaga jiwane Dasa Dharma Pramuka utamane ring jerone Saka Bhayangkara hang bengen tahu diagul-agulaken,” jare Kak Karnoto hang ngartekaken arane kelawan Tukang nata kendharaan aliyas Juru Parkir iku. Pramuka Dasa Bhayangkara iki Pramuka hang dibimbing ambi institusi Kepolisian. Ana pisan hang dibimbing institusi liya kayata Pramuka Dasa Bahari hang dibimbing Angkatan Laut lan Pramuka Dasa Perhutani.

Mulane, jare Kang Karnoto nambahaken, hang aran organisasi paran bain mesthi ana seneng susahe. Kadhung ana senenge dikarepaken kabeh pengurus lan anggota paguyuban kudu milu seneng. “Kadhung ana susahe ayo diadhepi bareng-bareng”. 

Nalika iku, Kang Subari Sofyan (koreograper lan penari) nyampekaken susah senenge dadi anggota Pramuka utamane ring kegiyatane Saka Bhayangkara kala semono.

“Isun ambi Kang Ujik iku uwis tau gilig-tau gepeng. Nana panganan ring tengah alas magih kolu methik pakis enom ring piggirane kalen. Madhang sega intip ya uwis tuwuk. Ring jero kegiatan Pramuka iku dudu supaya lare-lare Pramuka gelem urip melarat, using, taping kudu belajar siyap urip sara. Kadhung nasibe mula dipasthi sara, ya uwis siyap ngadhepi. Taping kenyataane diparingi urip seneng ring dina mburine, sukure keliwat-liwat,” abane Kang Subari Sofyan hang uga tau nerima anugerah Pemuda Pelopor Nasional iku.

Kang Subari Sofyan hang nduweni macem-macem keahliyan iku mungkasi kesan-kesane selawase dadi anggota Pramuka, kelawan nyumbangaken suwarane. Kang Subari Sofyan nembang rong gendhing. Nalikane gendhing ditembangaken, kabeh hang teka padha njampeli picis. Serta diitung bisa ngelumpuk 700 ewuan rupiyah.

“Isun kesuwun nyang kanca-kanca hang entheng tangan-lega ati bisa ngelumpukaken picis semono, masiya wektune mung sedhela. Isun njaluk supaya pengurus gelem nambahi kanggo mbantu dulur-dulur Cianjur hang umahe padha ajur merga keneng lindhu. Embuh pira jumlahe, iku gedhi artine kanggo nambah-nambahi amal sangu menyang aherat,” abane Kang Subari.

Acara hang guyub iku dipungkasi kelawan tumpengan kanggo nengeri pasrah-tampa piagam penghargaan kanggo Kang Ujik hang uwis nggawekaken gendhing kanggo Mars Dasa Dharma.

Kelawan Mars iku dikarepaken tali seduluran antarane anggota Saka Bhayangkara ambi para purna Saka Bhayangkara tetep ketalikukuh sampek kapaneya.

“Isun duwe niyat ihlas nggarap Mars lagu supaya kelawan sair hang digendhingaken bareng-bareng iku bisa ngeresep ring ati. Keneng-kenengan Saka Bhayangkara nganakaken lomba paduan suwara Mars Saka Bhayangkara hang pesertane teka Saka Bhayangkara saben-saben wilayah sektor se Kabupaten Banyuwangi,” abane Kang Ujik mungkasi gesah. Kanggo nyenengaken ati, emeh kabeh anggota siji-siji maju ambi gendhingan banyuwangian.

(kang ujik)

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Hani Z. Noor