PWRI Banyuwangi Mengeti Hari Ibu
Nani Asiany Mustikowati (dipublikasikan pada Selasa, 27 Desember 2022 07:22 WIB)
- Laporan
Gedhung Korpri Banyuwangi dina iku katon rijig lan rumang. Wong-wong kang padha nganggo tapih lan kebaya ngebeki gedhung kang panggonane ana ring sebelahe kecamatan Banyuwangi masiya ana bapak-bapak katon pisan mung akehe sing sampek itungan deriji. Serta dipareki temakaken ring dina Sabtu tanggal 24 Desember 2022 iku ana acara Lomba Paduan Suara dan Baca Puisi kang dianakaken Persatuan Wredatama Republik Indonesia (PWRI) Kabupaten Banyuwangi.
Acara lomba iki kanggo mengeti Hari Ibu kaping 94, lan dina iku wis pinale kanggo lomba nyanyi koor sakmarine diseleksi liwat pideo utawa pirtuwal. Sedheng maca guritane sing kathik dikawiti nganggo seleksi kaya nyanyi koor iku taping langsung maca lan dipilih juwarane. Kerana kang nganakaken PWRI kadine peserta lomba diwatesi mung anggota PWRI kang ana ring kecamatan-kecamatan sak Banyuwangi.
Drs. H. A. Masduki, MM minangka ketua PWRI Kabupaten Banyuwangi nguweni pidhato sambutan lan mbukak acara lomba. Sakdurunge nguweni sambutan dianakaken sulung santunan nyang lare-lare kang duwe hak. Ketepakan kang nampa santunan dipilih lare-lare dipabel utawa lare kang duwe kebutuhan husus. Kuwasane Allah, masiya jare uwong diistilahaken tuna taping serta salah siji lare ana kang nyanyi, suwarane membat mayun sing kira- kira. Paran maning lare kang ditugasi maca Qur’an utawa qiro’ah, larene apal maca ayat-ayat suci Qur’an kasebut. Malah jare Hj. Denok Sumastini, SH nalika nguweni sambutan minangka ketuwa panitiya, durung karuwan awak-awak kang melek iki lancar ulihe maca kaya kang qiro’ah iku.
Pidhato sambutane Masduki nerangaken kadhung sakdurunge gedhung Korpri iku dipanggoni acara, gedhung kang rong taun sing dipanggoni kerana covid-19 iku kahanane kothor sing kerumat, lan ana tembok kang rusak. Rumangsa bengen iyane tau dadi ketua Korpri Kabupaten Banyuwangi lan anane gedhung kerana urunane anggota Korpri mangkane serta arep dienggo acara wong-wong diejak ngersaya kang ahire gedhung katon rumang maning. Kerana iku Masduki nyampekaken kesuwun nyang camat Banyuwangi kang wis nyokong ngapikaken gedhung.
Peserta kang wis pangsiunan lan rata-rata umure sewidak taun mendhuwur iku nalika munggah panggung padha edheng-edheng lan ngati-ati merga sikil wis sing kesit maning. Malah ana kang kudu dicekeli ambi kang ring ngarep utawa mburine. Sapa wonge, nalika ditakoni penulis, umure peserta ana kang wis 80 taun. Taping kadhung dideleng teka semangate, mari nyanyi lagu wajib Hymne Hari Ibu aju nyanyi Mars PWRI minangka lagu pilihane pantes diacungi jempol. Limang peserta pinal seru semangate ulihe nyanyi. Gedigu uga peserta lomba maca guritan. Sangking semangate maca guritan kang judhule “Ibuku Malaikatku” karya Muzdalifah diwaca sak anter-antere.
Juwara lomba nyanyi koor lan maca guritan wis ditemtokaken ambi juri. Mula nalika nyanyi liwat pideo utawa pirtuwal iku pas seru suwarane, kompake, gayane utawa penampilane taping serta nyanyine dideleng langsung ambi juri, sing padha maning wis. Ahire serta dititeni temenanan ambi para juri, juwara nyanyi koor dimenangaken PWRI kecamatan Kalibaru sedheng juwara maca guritan kepilih peserta teka kecamatan Banyuwangi.
Acara kang njuwut tema “Perempuan Berdaya Indonesia Maju” ditekani para undangan kaya Ratna Ani Lestari bupati dhongkol Banyuwangi minangka pengurus Komunitas Kain Kebaya Indonesia (KKKI), uga dihadhiri wakil teka Dharma Wanita, IPBI, Harpi, lan Camat Banyuwangi iku kelaksan kelawan lancar lan meriyah.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.







