Quran Basa Using Arep Diluncuraken ring Dina Santri

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Selasa, 05 Juli 2022 13:27 WIB)
- Laporan



Minangka wujud Pengabdian Masyarakat Perguruan Tinggi, Universitas Islam Negeri Kiai Haji Achmad Siddiq (KHAS) arep nerbitaken alih basa Al Quran basa Using.
"Enake tepak Hari Santri tanggal 22 Oktober engko Quran Basa Using iki diterbitaken," jare Rektor UIN KHAS Prof. Dr. H. Babun Suharto, SE, MM.
   Alih basa 30 jus Quran wis marek dilakoni lan validasine wis dilakoni sepisan ulan April kepungkur lan saiki dilakoni maning validasi hang kepindho.
   Sak liyane Pak Babun, pembukaan dina Senin sore iku ditekani Pak Kepala Puslitbang Lektur, Khazanah dan Manajemen Organisasi, Balitbang dan Diklat Kemenag RI Prof. Dr. Arskal Salim M. Ag., Bupati Banyuwangi Ibu Ipuk Fiestiandani hang diwakili Asisten Pemerintahan dan Kesejahteraan Rakyat Drs. Arief Setiawan MM, Kepala Dinas Kemenag Banyuwangi Dr. H. Amak Burhahanuddin SE, MM, Kepala Disbudpar M. Yanuarto Bramuda,  Dekan FUAH UIN KHAS Prof. Dr. M. Khusna Amal S. Ag, M. Si, Ketua Dewan Kesenian Blambangan.
   Kelawan Tema "Memurnikan Al Quran Berbasis Kearifan Lokal" validasine iki diangkati ring dina Selasa.
   Jare pak Babun setemene alihbasa Quran iki wis dikawiti sakat taun 2018 taping rada kesandhet merga pageblug covid19.
"Taping muga-muga kelawan rada kasepe iki malah ngewani hang paling apik.
Muga-muga telung dina engkas wis marek aju diserahaken nyang Kementrian Agama," jare wong hang rabine wong Banyuwangi.
"Mesthine Quran Basa Using iki dudu tugas pungkasan hang digarap UIN KHAS. Kadhung Jember basane rada sing pati jelas, Jawa using, Medura using, nawi bisa nggarap basa Tengger."
   Jare Kapuslitbang Kemenag Pak Arskal Salim, marek validasi iki bisa diterusaken ring Lajnah hang narjih basa Arab lan Usinge pisan.
"Apuwa Quran basa dhaerah iku penting? Merga basa iku hang menyentuh kalbu/perasaan. Ekspresi kalbune iku bisa ngewani semangat hang spiritual," jare Pak Arskal.
   Dene kepala Kemenag Banyuwangi pak Amak ngomong gok kadhung ana pihak liya kayata Pemda hang arep nyetak umpamane jus 30 dienggo maderasah, utawa mung surat Yasin dienggo Pengajian iku bisa dilakoni minangka solusi kanggo sinau isine Quran.
   Ring ngisore Kemenag ring Banyuwangi, ana 598 sekolahan teka TK, MI, Tsanawiyah lan Aliyah . "Engkene siyap nyetak."
Engko ring wayah pertemuan Kementrian Agama sak Jawa Timur hang arep dianakaken ring Banyuwangi, oleh-olehe Quran basa Using iki, jare pak Amak.
   Kang Hasan Basri Ketua DKB hang sedurunge nulak asile Quran Using iki milu dadi salah siji nara sumber, kelawan materi "Kelendi Carane Validasi Quran." Prinsipe yaiku antarane 1. Digoleti ucap hang kuna, 2. Digoleti ucap hang has Using.
   Tim teka UIN ana penerjemah lan tukang validasi yaiku:
1. H.Didin UIN Jember
2. Kyai Sunandi Blimbingsari
3. Ust Karyono Gombeng
4. Nur Hapipi Pakis Plampang
5. Maskudi Kenjo
6. Qomaruzzaman Kabat
7. Royan Jelun
8. H A Syafi'i Mustofa Alas Malang
9. Mas'ud Arifin Kedungliwung
10. Juhdy Labanasem
11  KH Samsul Muarif Glagah
12 Ahmad luay Paspan
13.Gus Mahbub Truko Karangsari
14. Haikal Kafili Singonegaran
15. Hadiyul Ikdam Giri
16. Fathur Rozak lugjag
17. Nur Hikami Balak
18. Samsul Ma'arif Glagah
19. Abd. Nasir Basrawi Biskalan
20. Mu'afi Gumirih
21. Ali paspan
22. Ali Marfu' Paspan
23. Luqoni Badean

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Antariksawan Jusuf