Quran Basa Using Arep Dipasrahaken nang Bupati?
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Sabtu, 07 Januari 2023 07:38 WIB)
- Laporan
Quran terjemahan Basa Using hang digarap dulur-dulur teka Universitas Islam Negeri (UIN) Jember, arep dipasrahaken nyang Pemerintah Kabupaten Banyuwangi liwat acara Peringatan 100 taun NU (9/1) 2023 ring Stadion Diponegoro Banyuwangi. Acara hang diisi kelawan salawatan Habib Syech iku, kadhung nana alangan, arep ditekani Presiden Jokowi pisan.
Sedurunge nggadug ring wektune, Dinas Kebudayaan dan Pariwisata Kabupaten Banyuwangi Rebo kepungkur nekakaken tim UIN Jember lan Ketua DKB Hasan Basri direwangi H. Samsudin Adlawi uga H. Bambang Lukito.
Prof. H. Amal hang dadi pimpinan tim UIN Jember nyampekaken kadhung Quran terjemahan Bahasa Using iku uwis dicetak lan siap dipasrahaken ning Bupati Banyuwangi. “Sun karepaken kanca-kanca pengurus DKB lega nerima kelawan anane Al-Quran terjemahan Bahasa Using iku,” abane Prof. Amal nalika mbukak kalimah ring rembugan sabene. Iyane nyeritakaken kadhung upayane UIN iku ngadhepi pirang-pirang alangan. Kerana watek lan idiom Bahasa Quran lan Bahasa Using iku adoh-adohan. Supaya sing kari akeh salahe, isun lan kanca-kanca nekani para kiyai hang Bahasa Usinge keliwat deles. Ana 31 kiyai hang sun ajak bareng-bareng nggarap. Dadi, jangkahisun lan kanca-kanca UIN uwis ngati-ati,” imbuh-omonge Prof. Amal hang dianthuki kanca-kancane.
Kanca-kanca pentholan DKB maklumi paran hang disampekaken Prof.Amal. “Taping UIN ya kudu weruh, kadhung program alih basa Quran ning Basa Using iku uwis ditangani DKB lan uwis ulih 10 jus. Nana udan-nana panas, mara-mara isun kerungu UIN bareng ambi Kantor Kementrian Agama Kabupaten Banyuwangi nganakaken kegiyatan hang padha, tanpa ngabari sedurunge ning pengurus DKB. Dadi, engko kadhung ana pemasrahan Quran terjemahan Basa Using ya cukup ning Bupati kanggo makili masarakat Banyuwangi. Kadhung DKB aja endak sulung. Merga terjemahane magih akeh salahe,” abane Ketua DKB, Hasan Basri. Ketua Dewan Penasihat DKB, H. Samsudin Adlawi uga urun suwara kadhung program alih basa Quran nganggo Basa Using iku digarap DKB nalika iyane magih dadi ketua DKB. “Apuwa kari katon lelet ulihe megawe? Merga Isun lan kanca-kanca kudu ngati-ati. Sebab salah sithik, mbisuk-mbisuke bisa njumbulaken tapsir hang bida. Niyat kepingin ulih ganjaran jariyah malah ulih kiriman dosa jariyah,” abane GM Radar Banyuwangi iku. Hang pokok, DKB miturut penemune H. Bambang Lukito, durung bisa nampa. “Apuwa? Merga selawase proses, DKB sing diajak rembugan. Kerana DKB iku payunge masarakat Using, ya kudu ngati-ati ulihe namtokaken jangkahe. Sing terotos-dhig,” abane tokoh Muhammadiyah Banyuwangi hang dadi pengurus DKB sakat ruwahe Hasan Ali iku.
Kepala Dinas Budpar, M.Y. Bramuda, S.Sos,MBA,MM nyampekaken, kadhung hang uwis kadhung dicetak ya bisa dilaunching merga tim UIN ulihe megawe ya uwis diwatesi jadwal. “Kadhung DKB sing bisa teka ya sing paran-paran. Sak marine dilaunching, DKB lan tim hang uwis ana lan tim UIN Jember digathukaken kanggo becik-becik bareng. Kadhung uwis nemu terjemahan hang bener, ya dicetak maning kanggo edisi kaping loro utawa edisi revisi,” gedigu abane Bramuda nguweni dalan tengah hang diterima ambi kabeh peserta rembug ring Lounge Disbudpar Banyuwangi.
(kang ujik)
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.







